Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
99 dari 149
415–416 dari 650
4.148–4.157 dari 6.494
099.031 palayune sami atilar gêgaman | darbene tan katolih | kèh lumayu wona | ingkang mêntas anendra | mapan ta arêbut urip | bingung srang-srangan | bubar padha sawêngi ||
099.032 pra dipati prasamya miris lumajar | tan tolih anak rabi | têtilar ing bala | lir gabah ingintêran | tan wêruh kawula gusti | bangun raina | larut wadya Mêtawis ||
099.033 sirna gêmpang sangking pamondhokanira | darbene ingkang kèri | wus têlas rinayah | dening wadya Mêkasar | Panji Karsula agiris | pan kagegeran | tinilar ing wadya lit ||
099.034 pan kalulun lumayu angungsi wona | sêmona bangun enjing | sang yang surya mêtdal[1] | nora kêna tinata | wadya sampun sirna gusis | sowang-sowangan | awula[2] lawan gusti ||
099.035 Ki Apanji Karsula lajêng mring Japan | lan sawadyanya wingwrin | wong măncanagara | datan măngga puliha | kawuse kapati-pati | wadya bang wetan | samya tilar nagari [[f. 363v][3]] ||
099.036 wong Makasar ngungsêd sinêndya i manah | tiyang măncanagari | pan ingêsud pisan | marang nagaranira | wadya bang wetan awrinwrin | mungsuh Makasar | kawus manahe jêrih ||
099.037 samya miris para bupati bang wetan | Pajarakan abalik | Gêmbong Prabalingga | miwah ing Pasuruan | punika sampun abalik | ing Wirasaba | punika sami balik ||
099.038 tiyang măncanêgara giris sadaya | wêdonane abalik | ya ta kawarnaa | sira Panji Karsula | anèng Japan sêdhih kingkin | kalangkung mirang | mantuka mring Matawis ||
099.039 nora wande sangêt dukane sang nata | măngsa manggiha urip | angrasa yèn tiwas | sira Panji Karsula | lungsêde manah kadya gring | pan datan arsa | sakite dèn jampèni ||
099.040 sira Panji Karsula sampun pralaya | sêntanane kang kari | wus atur uninga | ing kangjêng susuhunan | yèn Panji karsula mati | wontên ing Japan | nanging tan pêjah jurit ||
415–416 dari 650

 


mêdal (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.39.3; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 77.39.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.37.3). Bandingkan: mijil (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 40.38.3). (kembali)
kawula (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.39.7; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 77.39.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.37.7; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 40.38.7). (kembali)
Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)