Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
101 dari 149
420–421 dari 650
4.197–4.206 dari 6.494
101.010 tanbuh kang winalêsêna | pan kawratan nênggih danane gusti | kang wadya sadayanipun | ngajap têmpuhing ayuda |[1] pan nèng kene sayogya gèning sumaur | pasihane gustiniwang | sun saurane lan pati ||
101.011 pêpêk lan para niyaka | ing pasisir myang pugawa Mêntawis | rahadyan sigra amuwus | kabèh kănca manira | kadipundi karsane padha ngong tantun | aprakara Si Madura | ing karsane kadipundi ||
101.012 tan aseba mring Mêntaram | wus sawarsa malah punjul sasasi | manira iki ingutus | ana ing Surabaya [[f. 367r]] | wong Madura sawiji tan ana muncul | pangandikane sang nata | kinèn mariksa kariyin ||
101.013 mangke nêdha ingutusan | karuhane ala utawa bêcik | para bupati umatur | kawula amiyarsa | Trunajaya amêpêk sawadyanipun | mila têtiyang Madura | asowan dhatêng Mantawis ||
101.014 aprayoga ingutusan | pan kawula sadaya angrêmbagi | rahadyan sigra ingutus | maring lêlurahira | ingkang sarta binêktanan suratipun | kang dhatêng Ki Trunajaya | ing Sampang ingkang ngênggèni ||
101.015 utusan sampun lumampah | ênangêna kang anèng Surawèsthi | agênti ingkang winuwus | Rahadèn Trunajaya | apan lagya punika sangking ing Dêmung | pan sampun eca kang rêmbag | lan Raja Galengsong kait ||
101.016 milane Ki Trunajaya | datan kumpul ngêdhêpi kang nagari | manawa wadya Mantarum | angrusak ing Madura | lan maninge yèn kèngsêr kang anèng Dêmung | sadyane Ki Trunajaya | arsa bakong[2] sangking wuri ||
101.017 kawarnaa kang putusan | sampun prapta nagri Madura aglis | samana pan sampun katur | mring Radèn Trunajaya | lamun wontên utusanira kang rawuh | Radyan Prawirataruna | caraka kinèn nimbali ||
101.018 nanging Radèn Trunajaya | masang wadi api-api asakit | utusan prapta ing ngayun | angaturakên surat | wus tinampan kang surat binuka gupuh | sinukmèng jrone wardaya | pèngêt babukane tulis [[f. 367v]: tu...lis] ||
101.019 kang sêrat sira Rahadyan | Prawiraditaruna ing Mêntawis | sarta salam donganipun | dhumatêng ingkang wayah | Trunajaya ing Madura wiyosipun | manira ngêmban timbalan | ing kangjêng sri narapati ||
420–421 dari 650

 


Lebih satu suku kata. Bandingkan: ngajap têmpuhing yuda (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.11.4); ngajak têmpuh ing yuda (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 79.11.4; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 42.11.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 12.11.4). (kembali)
bokong (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.17.7; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 42.17.7). Bandingkan: bokongi (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 12.17.7). (kembali)