Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
101 dari 149
421–422 dari 650
4.203–4.212 dari 6.494
101.016 milane Ki Trunajaya | datan kumpul ngêdhêpi kang nagari | manawa wadya Mantarum | angrusak ing Madura | lan maninge yèn kèngsêr kang anèng Dêmung | sadyane Ki Trunajaya | arsa bakong[1] sangking wuri ||
101.017 kawarnaa kang putusan | sampun prapta nagri Madura aglis | samana pan sampun katur | mring Radèn Trunajaya | lamun wontên utusanira kang rawuh | Radyan Prawirataruna | caraka kinèn nimbali ||
101.018 nanging Radèn Trunajaya | masang wadi api-api asakit | utusan prapta ing ngayun | angaturakên surat | wus tinampan kang surat binuka gupuh | sinukmèng jrone wardaya | pèngêt babukane tulis [[f. 367v]: tu...lis] ||
101.019 kang sêrat sira Rahadyan | Prawiraditaruna ing Mêntawis | sarta salam donganipun | dhumatêng ingkang wayah | Trunajaya ing Madura wiyosipun | manira ngêmban timbalan | ing kangjêng sri narapati ||
101.020 mulane Radyan Madura | nora seba marang nagri Mêntawis | katur ing kangjêng sinuwun | kalamun pêkênira | ingkang pênging aseba dhatêng Mêntarum | apan nyata mêngkonoa | sêdyanira dene bêcik ||
101.021 lan maninge wong Madura | dhawah dalêm kabèh kinèn angêrig | angluruga maring Dêmung | anggêcêk wong Makasar | sampun têlas kang surat bêbukanipun | angling Radèn Trunajaya | marang utusan amanis ||
101.022 lah duta para matura | dhatêng ingyang[2] tan sêdya tan angipi | kalamun ta awak isun | ngukuhana Madura | yèng pênginga aseba marang Mantarum | sangking dedene wong Sampang | tan kêna dèn parentahi ||
101.023 ing mangke wontên parentah | angêriga wong Madura saiki | angluruga maring Dêmung | ingsun dhatêng sumăngga | sampun siyang sanadyan tumêngkèng[3] dalu | manira dhatêng sumăngga | kang abdi saos ing kardi ||
101.024 anging ta awak manira | nora miyang sawab lagi asakit | amung kang abdi sadarum | manira kon lumampah | rumiyina dene mêngko sapungkurmu | yèn bala wus padha dandan | anusul mring Surawèsthi ||
101.025 ya ta sami sinabrama[4] | kang putusan sadaya pinisalin | ya ta anulya tinundhung | duta [[f. 368r]] pamit wus mêsat | gêgancangan datan kawarna ing ênuh | prapta nagri Surabaya | tumamèng ngarsaning gusti ||
421–422 dari 650

 


bokong (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.17.7; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 42.17.7). Bandingkan: bokongi (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 12.17.7). (kembali)
iyang (dan di tempat lain). Bandingkan: eyang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.23.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 79.23.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 12.23.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 42.23.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 145.29.2). (kembali)
tumêkèng. (kembali)
sinambrama (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.26.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 79.26.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 12.26.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 42.26.1). (kembali)