Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
101 dari 149
422–423 dari 650
4.217–4.226 dari 6.494
101.030 Raja Galengsong ngandika | pinêpêkan sakèhe kang prajurit | tanapi santananipun | andhèr kang wadyabala | wong Mêkasar sumadya barênga lêbur | atigan sapatarangan | Sang Raja Galengsong angling ||
101.031 lah kakang Dhaèng Marewa | asaosa sadandanane ajurit |[1] manira arsa amêthuk | yudane wong Mêntaram | poma kakang dèn padha prayitning[2] kewuh | wêrtane bala Mêntaram [[f. 368v]: Mêntara...m] | baitane wus aminggir ||
101.032 dening ta karsa manira | ing ayuda sun panggih ing pasisir | lawan mêpêka parau | sêsampan myang lêlanang | pilihana baita kang kukuh-kukuh | lamun pêrang ing lautan | saosa baita alit ||
101.033 dhêdhayungana kewala | marmitane nganggo baita cilik | akêbat ing watêkipun | lêmbing sira pêpêka | bokmênawa amapag pêrange laut | padha siwontên[3] kewala | ingsun dhewe angawaki ||
101.034 sakèhe wong tatêlukan | măncapraja ana awuri têbih | manawa tan lămba kayun | wantu wong dudu băngsa | sira dhaèng mara sigra awotsantun | mundur angundhangi bala | têngara tinêmbang muni ||
101.035 wadya Mêkasar sadaya | wus siyaga sakapraboning jurit | angajrihi tandangipun | wantune wong Mêkasar | ngangah-angah yèn angarêpakên musuh | kaya ta age panggiha | atêmpuh ing ajurit |[4]|
101.036 Raja Galengsong siyaga | wus rinakit kapraboning ajurit | kang jimat sampun rinasuk | sêdya angantêp yuda | sira Raja Galengsong anulya mêtu | ingiring para sêntona | miwah sakèhing prajurit ||
101.037 sigra anitih turăngga | busanane yèn tinon angajrihi | wadya Mêkasar gumuruh | ya ta kang kawarnaa | Dyan Prawirataruna sabalanipun | amigirakên kang palwa | miwah wadya ing pasisir ||
101.038 akathah kang dèrèng prapta | wong pasisir angambang ing jêladri | tanapi baitanipun [[f. 369ar][5]: baitanipu...n] | Kumpêni nèng samodra | ingkang prapta amung răngga ing Sidayu | lan Ngabèi Singawăngsa | lawan prajurit Mêntawis ||
101.039 pan sampun prapta sadaya | sami mêntas ana pinggir kêkisik | samakta gêgamanipun | kapraboning ayuda | pan andhêndhêng wong Mantaram barisipun | yèn tinon awarna-warna | anèng pinggire jêladri ||
422–423 dari 650

 


Lebih satu suku kata. Bandingkan: adandana sakapraboning jurit (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.34.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 12.34.2). (kembali)
prayitnèng. (kembali)
siwonên (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 12.36.6). Bandingkan: sisiwonên (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.36.6); sêsiwonên (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 79.36.6; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 42.36.6). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: atêmpuha ing ajurit (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.38.7; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 79.38.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 12.38.7; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 42.38.7). (kembali)
Urutan f.369ar dan f.369av faksimile digital ditempatkan setelah f.369r dan f.369v, padahal seharusnya ditempatkan sebelumnya sesuai dengan tembang macapat dan isinya. (kembali)