Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
101–102 dari 149
423 dari 650
4.221–4.230 dari 6.494
101.034 sakèhe wong tatêlukan | măncapraja ana awuri têbih | manawa tan lămba kayun | wantu wong dudu băngsa | sira dhaèng mara sigra awotsantun | mundur angundhangi bala | têngara tinêmbang muni ||
101.035 wadya Mêkasar sadaya | wus siyaga sakapraboning jurit | angajrihi tandangipun | wantune wong Mêkasar | ngangah-angah yèn angarêpakên musuh | kaya ta age panggiha | atêmpuh ing ajurit |[1]|
101.036 Raja Galengsong siyaga | wus rinakit kapraboning ajurit | kang jimat sampun rinasuk | sêdya angantêp yuda | sira Raja Galengsong anulya mêtu | ingiring para sêntona | miwah sakèhing prajurit ||
101.037 sigra anitih turăngga | busanane yèn tinon angajrihi | wadya Mêkasar gumuruh | ya ta kang kawarnaa | Dyan Prawirataruna sabalanipun | amigirakên kang palwa | miwah wadya ing pasisir ||
101.038 akathah kang dèrèng prapta | wong pasisir angambang ing jêladri | tanapi baitanipun [[f. 369ar][2]: baitanipu...n] | Kumpêni nèng samodra | ingkang prapta amung răngga ing Sidayu | lan Ngabèi Singawăngsa | lawan prajurit Mêntawis ||
101.039 pan sampun prapta sadaya | sami mêntas ana pinggir kêkisik | samakta gêgamanipun | kapraboning ayuda | pan andhêndhêng wong Mantaram barisipun | yèn tinon awarna-warna | anèng pinggire jêladri ||
101.040 Ki Ngabèi Pulangjiwa | lan malihe Ki Panji Wirabumi | dene ta katiganipun | Ki Ngabèi Singawăngsa |[3] lawan Kyai Suramênggala puniku | sami prajurit Mêntaram | sadaya êbèr kawanin ||
101.041 pan tan antara sêmana | wong Mêkasar gumêrah angêtoni | sarta sagêgamanipun | bêndhe muni sauran | angajrihi wong Mêkasar tandangipun | anglir pendah saradula | prasamya arêbut dhingin ||
101.042 wadya Mêntaram tumingal | lamun bala Mêkasar amiyosi | anêmbang têngara umyung | kumêrab wong Mêntaram | myang pasisir prayitna sami anggêrgut | gêgaman kumpul sadaya | tan ana mundur ajurit ||
102. Durma
102.001 sigra mangsah prajurite wong Mêkasar | gustine anindhihi | kadya saradula | galag[4] amăngsa jalma | kadya bajo angêjawi | mara ing ngarsa | pan sarwi waos lêmbing ||
423 dari 650

 


Kurang satu suku kata. Bandingkan: atêmpuha ing ajurit (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.38.7; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 79.38.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 12.38.7; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 42.38.7). (kembali)
Urutan f.369ar dan f.369av faksimile digital ditempatkan setelah f.369r dan f.369v, padahal seharusnya ditempatkan sebelumnya sesuai dengan tembang macapat dan isinya. (kembali)
Lebih satu suku kata: Ngabèi Singawăngsa. (kembali)
galak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.1.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 80.1.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.1.4; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 43.1.4). (kembali)