Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
101–102 dari 149
423–424 dari 650
4.225–4.234 dari 6.494
101.038 | akathah kang dèrèng prapta | wong pasisir angambang ing jêladri | tanapi baitanipun [[f. 369ar][1]: baitanipu...n] | Kumpêni nèng samodra | ingkang prapta amung răngga ing Sidayu | lan Ngabèi Singawăngsa | lawan prajurit Mêntawis || |
101.039 | pan sampun prapta sadaya | sami mêntas ana pinggir kêkisik | samakta gêgamanipun | kapraboning ayuda | pan andhêndhêng wong Mantaram barisipun | yèn tinon awarna-warna | anèng pinggire jêladri || |
101.040 | Ki Ngabèi Pulangjiwa | lan malihe Ki Panji Wirabumi | dene ta katiganipun | Ki Ngabèi Singawăngsa |[2] lawan Kyai Suramênggala puniku | sami prajurit Mêntaram | sadaya êbèr kawanin || |
101.041 | pan tan antara sêmana | wong Mêkasar gumêrah angêtoni | sarta sagêgamanipun | bêndhe muni sauran | angajrihi wong Mêkasar tandangipun | anglir pendah saradula | prasamya arêbut dhingin || |
101.042 | wadya Mêntaram tumingal | lamun bala Mêkasar amiyosi | anêmbang têngara umyung | kumêrab wong Mêntaram | myang pasisir prayitna sami anggêrgut | gêgaman kumpul sadaya | tan ana mundur ajurit || |
102. Durma | |
102.001 | sigra mangsah prajurite wong Mêkasar | gustine anindhihi | kadya saradula | galag[3] amăngsa jalma | kadya bajo angêjawi | mara ing ngarsa | pan sarwi waos lêmbing || |
102.002 | ya ta mara wadyabala ing Mêntaram | sadya angantêp jurit | donya binêdhilan | wong Mêkasar kang mara | syaraning sênjata muni | lir gunung rêbah | mimis kadya garimis || |
102.003 | sampun campuh pangamuke wong Mêkasar | wênèh akaro kêris | ana karo [[f. 369av]: ka...ro] tumbak | ingkang katrajang bubar | wong Mêkasar akèh mati | wadya Mêntaram | apanggah ing ajurit || |
102.004 | wong Mêkasar ature mati kabranan | pan nora dipun tolih | ingidêk kewala | pangamuke manêngah | kadya banthèng tawan kanin | bala Mêkasar | polahe gêgirisi || |
102.005 | wong Mêntaram ingkang mundur tawan brana | ingkang katrajang ngisis | akathah kang pêjah | nora măngga puliha | surak wadya ing Mêntawis | tangkêpe yuda | lir gabah dèn intêri || |
423–424 dari 650
1 | Urutan f.369ar dan f.369av faksimile digital ditempatkan setelah f.369r dan f.369v, padahal seharusnya ditempatkan sebelumnya sesuai dengan tembang macapat dan isinya. (kembali) |
2 | Lebih satu suku kata: Ngabèi Singawăngsa. (kembali) |
3 | galak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.1.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 80.1.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.1.4; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 43.1.4). (kembali) |