Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
102 dari 149
428 dari 650
4.271–4.280 dari 6.494
102.042 mapan arsa tinigas ing murdanira | Kumpêni anulungi | mudhun sangking palwa | tiyang Ambon punika | lawan Têrnate ngrewangi | sarta sênjata | gêgamane Kumpêni ||
102.043 ya ta mundur wadyabala ing Mêkasar | tan kawawi nadhahi | mimis kadya udan | ya ta tiyang Mêkasar | lumayu angusi biting | atangkêp lawang | tiyang Mêkasar wiwrin ||
102.044 ingkang layon rahadèn sampun karêbat | yèn binêkta tumuli | migah dhatêng palwa | pan sampun binandhosa | ingantukkên mring Mêntawis | anulya layar | kabèh sami prihatin ||
102.045 sakarine kang pêjah sêntananira | angiringkên jisim |[1] ya ta kawarnaa | wadyabala Mêntaram | kalawan wadya pasisir | labuh sêdaya | palwane nèng jêladri ||
102.046 datan ana ingkang mêntas ing dharatan | mapan sampun alami | anèng ing samodra | ya ta apagunêman | Ki Suramênggala singgih | Ki Surawăngsa [[f. 371v]: Surawăng...sa] | Răngga Sidayu nênggih ||
102.047 lan malihe Ki Ngabèi Singawăngsa | Suramênggala angling | kadipundi kakang | ing rêmbag jêngandika | anèng têngahing jêladri | tanpa wêkasan | alami botên migir ||
102.048 tan kuwawi manira kêtrajang obak | kadi binanting-banting | lan malihe kathah | ingkang dadi sumêlang | tan wurung amêrêpêki | wadya Mêkasar | pasthi dhatêng mariki ||
102.049 lan malihe wong Sampang dadi sumêlang | tan wande anungkêbi | yèn suwawi karsa | dawêk minggah punika | Paiton sami ingungsi | dakok[2] baita | sami mondhok ing kali ||
102.050 sami rêmbak sakèhe para dipatya | Ki Singawăngsa angling | anging ta manira | nora arsa milua | amigir mondhok ing kali | lêhêng manira | labuh ing jêladri |[3]|
102.051 ya ta tiyang pasisir kang sami rêmbag | nulya layar tumuli | sagung kang baita | ing Paiton sinêdya | tan kawarnaa wus prapti | sakèhe palwa | mapan sami angranjing ||
428 dari 650

 


Kurang satu suku kata: angiringakên jisim. Bandingkan: ngiringakên rumiyin (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.53.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 80.51.2); angiringakên mayit (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.50.2); angiringkên rumiyin (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 43.41.2). (kembali)
dokok. Bandingkan dèkèk (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.57.6). (kembali)
Kurang satu kata. Bandingkan: labuha ing jaladri (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.58.7); labuha ing jêladri (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.55.7; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 43.46.7); labuha nèng jaladri (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 80.57.7). (kembali)