Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
102 dari 149
424–425 dari 650
4.238–4.247 dari 6.494
102.009 | Dyan Prawirataruna awas tumingal | rusake wadya alit | amundhut turăngga | lawungipun dèn êmbat | karsanira angawaki | pan abrang muncar | busanane turanggi || |
102.010 | angandika panêdhanisun mring Sukma | aja kongsia mulih | maring ing Mêntaram | muliha binandhusa | katura marang sang aji | pan [[f. 369r]: pa...n] wus dilalah | rusake ing Mêntawis || |
102.011 | yèn mênangi ingsun rusake Mêntaram | tan bisa anglakoni | ngur baya matia | ana ing têngah rana | kuda sigra dèn camêdthi[1] | sira rahadyan | umangsah ing ajurit || |
102.012 | warnanira radèn lir binayang karya | cahyane asmu wilis | kang para sêntona | angiring datan têbah | kawan dasa winitawis | sadayanira | asêdya sarêng mati || |
102.013 | lalurahe awêsta pun Sewajaya | Sewatruna sawiji | lawan Sewabăngsa | malih pun Sewatăngka | Sewayuda kang sawiji | Ki Trunajaya | kalawan Wirakarti || |
102.014 | sampun têbah Radèn Prawirataruna | ingkang wadya angiring | ingkang mugèng ngarsa | sampun campuh kang yuda | arame asilih ukih | wadya Mêkasar | angamuk mobat-mabit || |
102.015 | wong Prawirataruta[2] arsa mundura | emut kocahing gusti | marma ambêk pêjah | padha atatu jaja | tan ana kang ngucap ajrih | wadya kèh pêjah | ing wuri pan mêksih wani |[3]| |
102.016 | ramening prang kunarpa susun atumpang | samya awuru gêtih | Mêkasar angrunjang | gêmpur wadya Mêntaram | Ki Sewatruna wus mati | atatu jaja | Ki Manguntruna kanin || |
102.017 | Wirakêrti palastra atatu jaja | rahadèn aningali | santona kèh pêjah | miwah ingkang kabranan | kudane dipun camêthi | Radyan Prawira- | taruna ngandika ris || |
102.018 | lah sakèhe iya santona manira | padha sun ajak mati | ya ta Sewajaya | matur maring rahadyan [[f. 369v]] | sampun sampeyan ajurit | lêhêng kawula | gusti maksiha urip || |
424–425 dari 650
1 | camêthi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.14.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 80.13.5; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 43.11.5). Bandingkan: cinamêthi (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.13.5). (kembali) |
2 | Prawiratarunan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.18.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 80.17.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.17.1). (kembali) |
3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ing wuri maksih wani (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.18.7; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 80.17.7); kang wuri maksih wani (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.17.7). (kembali) |