Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
102 dari 149
426 dari 650
4.251–4.260 dari 6.494
102.022 Dyan Prawirataruna panggah ing yuda | panggih prawirèng jurit | wadyane wus têlas | mila ngamuk priyoga[1] | mapan sampun ambêk pati | sira rahadyan | angamuk ngowak-awik ||
102.023 Sewajaya kalawan pun Sewabăngsa | kalih samya bêk pati | angamuk manêngah | wong Mêkasar kèh pêjah | Raja Galengsong sru runtik | sigra umangsah | kang wadya Galengsong pipis |[2]|
102.024 pangamuke Radyan Prawirataruna | sampun anandhang kanin | kang para sêntona | tumpês samya palastra | anèng satêngahe jurit | Ki Sewajaya | sampun anangndhang[3] kanin ||
102.025 dyan tumingal radèn sêntanane têlas | mila saya mangukih | têtiyang Mêkasar | akathah ingkang pêjah | ing wuri kathah nangkêbi | sira rahadyan | karepotan ing jurit [[f. 370r]] ||
102.026 Sewajaya mêndhêk anungkêmi pada | matur sarwi anangis | miwah ingkang wadya | sakarine kang pêjah | umatur sarwi anangis | lamun sambada | ngantosa wong pasisir ||
102.027 miwah ingkang santana têlas sadaya | kawula sampun kanin | taha yèn kawula | gusti ajrih ing pêjah | angawêl sampeyan gusti | sadya kawula | inggih aso rumiyin ||
102.028 yèn suwawi gusti anumpaka palwa | angungsi ing jêladri | wadya ing Mêntaram | sampun mawur sadaya | mapan datan kêna mulih | asêdhêng prapta | têtiyang ing pasisir ||
102.029 tinurutan saature Sewajaya | kondur dhatêng pasisir | wadya ing Mêntaram | sami arêbat palwa | kathah kèrêm ing jêladri | pating kurambang | gêbyur wênèh anglangi ||
102.030 wong pasisir kang mêksih anèng samodra | awas dènnya ningali | lamun wong Mêntaram | yudanira kasoran | sagunge wadya pasisir | baitanira | anulya dèn dhayungi ||
102.031 Dyan Prawirataruna panggah ing yuda | angadêk nèng kêkisik | ingkang wadyabala | kang tan antuk baita | pating kadhungsangk[4] wong cili | sangking jrihira | sadyane ngungsi urip ||
426 dari 650

 


priyăngga (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.25.4; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 43.19.4). (kembali)
Lebih satu suku kata: kang wadya golong pipis. Bandingkan: pan angamuk pribadi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.28.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.26.7); payo mangsah ajurit (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 80.27.7). (kembali)
anandhang. Bandingkan: nandhang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.29.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.27.7; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 43.21.7; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 80.28.7). (kembali)
kadhungsang. Bandingkan: kudhangsang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.38.5). (kembali)