Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
102 dari 149
426–427 dari 650
4.260–4.269 dari 6.494
102.031 Dyan Prawirataruna panggah ing yuda | angadêk nèng kêkisik | ingkang wadyabala | kang tan antuk baita | pating kadhungsangk[1] wong cili | sangking jrihira | sadyane ngungsi urip ||
102.032 kasaratên baitanira rahadyan | kêkathahên kang jalmi | gonjing kang baita | ya ta kèrêm sadaya | sampun karsane Yang Widi | lamun rahadyan | tinagih ing pêpati ||
102.033 ting karambyang sami anggêbyur kela[2] |[3] ingkang kasilêm mati | polahing sujalma [[f. 370v]: su...jalma] | apan pating kadhungsang | baita Mêkasar prapti | padha dhayungan | baitanira alit ||
102.034 gêgamane saligi lawan brangkolang | baita ing Mêntawis | sami ingadhangan | têtiyang ing Mêntaram | sadaya manahe giris | mêsah baita | alit tan angobêri ||
102.035 sira Radèn Prawiratruna wus pasrah | yèn tinagih ing pati | mapan ta sumăngga | ing karsane Yang Sukma | rahadyan ngandika aris | gusti kantuna | kang Sinuwun Mêntawis ||
102.036 yèn kawula gusti nêmahi palastra | amangsuli ingkang sih | kawula wus tuwang | tuwuk kakocah nata | mukti anèng Mêntawis |[4] pan ora bakal | sampun karsaning Widi ||
102.037 Sewajaya anangis nungkêmi pada | brananira ngranuhi | dhuh gusti kawula | ing donya ing akerat | kawula dadosa abdi | mugi panggiha | lawan paduka gusti ||
102.038 angandika Radèn Prawirataruna | ingsun tarima ugi | kaki padha-padha | singa ingkang luputa | padha ngapura ing makin | singa palastra | aja malang tumolih ||
102.039 Sewajaya sampun nêmahi palastra | anèng ngarsane gusti | radyan angandika | ingsun belani sira | awirang kalamun urip | angur matia | sêntananingsun ênting ||
102.040 wong Mêkasar sampun kathah ingkang prapta | rahadyan dèn gêmbuli[5] | sinasok ing tumbak [[f. 371r]] | rahadyan tiba alênggah |[6] wus nyana prapta ing pati | ingkang karasa | para putra kang kari ||
426–427 dari 650

 


kadhungsang. Bandingkan: kudhangsang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.38.5). (kembali)
kewala (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.40.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.37.1). Bandingkan: kiwala (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 43.29.1). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: pating kurambang sami gêbyur kewala (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.40.1); ting kurambang sami anggêbyur kiwala (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 43.29.1); ting karambang samya anggêbyur kewala (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.37.1); ting karambang kang kèrêm anèng samodra (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 80.39.1). (kembali)
Kurang satu suku kata: amukti anèng Mêntawis (kembali)
kêmbuli (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.48.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.45.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 80.47.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 43.37.2). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: radèn tiba alênggah (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.48.4); radyan tiba alênggah (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 80.47.4); rahadyan tiba lênggah (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.45.4); radèn niba alênggah (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 43.37.4). (kembali)