Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
129 dari 149
532–533 dari 650
5.312–5.321 dari 6.494
129.009 manira tan darbe sêdya | saparane Ki Untung sun tut wuri | maring ngêndi ingsun tumut | Ki Êmbun alon ngucap | mring Ki Untung bagus iki pikir ingsun | yèn amung abănda yuda | pira kuwatira iki ||
129.010 amusuh wong sanêgara | yèn sêmbada payo padha angungsi | Ki Untung alon amuwus | apa sakêrsanira | nanging ngêndi nêgara patut jinujuk | Ki Embun alon [[f. 456v]: a...lon] angucap | ing Carêbon kang prayogi ||
129.011 bokmênawa kangjêng sultan | ing Carêbon besuk wani ngukuhi | ya ta Ki Untung anurut | ing dalu gènnya bubar | ngidul ngetan kang dèn jogi ing Sianjur[1] | wong patang puluh tan pisah | gêntia ingkang winarni ||
129.012 saundurira ayuda | wong Kumpêni sadalu ngati-ati | sagêgamane atugur | atangkêp lawang kitha | mriyêm samya pinasang palataripun | arakit prayitnèng baya | ya ta kawarnaa enjing ||
129.013 gumêrah syaraning bala | pan kinêrig sagung wadya Bêtawi | budhal sangking kitha sampun | tan kawarna ing marga | prapta Bètèng Lang-alang kapanggih suwung | amral amatah kapitan | pêpitu kinèn ngulati ||
129.014 myang wadya Kumpêni Islam | pan akathah ingkang badhe angiring | sarta sagêgamanipun | têtindhihirèng lampah | Tuwan Mayor Brandêmpol jêjulukipun | sigra budhal kang gêgaman | ngidul ngetan anut lari ||
129.015 ya ta ingkang kawarnaa | lampahira Ki Untung sampun prapti | anèng nêgari Sianjur | gepak ngalor angetan | sêdyanira ing Carêbon kang jinujug | nêngêna ingkang lumampah | Sultan Carêbon winarni ||
129.016 darbe abdi kinasihan | pinaputra aran pun Surapati | sultan kalangkung sihipun | ngugung ingêla-êla | ingapura matèni wong tan dosèku | mangkana [[f. 457r]: mang...kana] Ki Surapatya | ambêburu ing wanadri ||
129.017 ambêkta wadya sakopang | pan sêdaya samya nitih turanggi | saha sikêp tumbak tulup | towok bêdhil nèng ngarsa | Surapati lampahe prapta wana gung | araryan malang ing marga | wong kang liwat samya minggir ||
129.018 wadya anèng kèri kanan | kawarnaa Ki Untung sampun prapti | Carêbon talatahipun | angambah wonawasa | nulya prapta Surapati pêrnahipun | Surapati kagyat mulat | ing wong laku ting kulicir ||
532–533 dari 650

 


Cianjur (dan di tempat lain) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.9.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 108.9.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.11.5; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 188.12.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.11.5). (kembali)
memuat ...