Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
129 dari 149
531–532 dari 650
5.304–5.313 dari 6.494
129. Pangkur
129.001 wadya Kumpêni umiyat | yèn Ki Untung prayitna ingkang baris | amral angabani magut | sigra Kumpêni mangsah | syaraning kang sênjata lir gunung rubuh | pêtêng kukusing sêndawa | Ki Untung sigra ngabani ||
129.002 ing rowang sarêng umangsah | ngamuk rampak nusup kukusing bêdhil | wadya Makasar anglambung | ngêbruki kèri kanan | ramening prang Ki Untung sarowangipun | manêngah lir singa lodra | wong satus tan nêdya urip ||
129.003 pangamukira sudira | kang katrajang Kumpêni akèh mati | Bugis Sambawa kèh lampus | miwah Ambon Makasar | ingkang wuri Kumpêni saya kèh rawuh | Ki Untung sarowangira | lir andaka tawan kanin ||
129.004 ingurugan ing sênjata | datan agop pangadrèle[1] Kumpêni | lir gêlap sèwu ambarung | gurnat lawan gurnada | gutuk [[f. 456r]: gu...tuk] api kadya udan yèn dinulu | Ki Untung pangamukira | tan apisah galong pipis ||
129.005 ngêsokan mimis lir udan | sira Untung lir Partaatmaja di | dèn byok sata Kurawegung[2] | rêmpu karoban lawan | akèh kanin rowangira kathah lampus | myang Kumpêni akèh pêjah | wangke awor susun tindhih ||
129.006 sadina dènira yuda | rowangira Ki Untung kèh ngêmasi | wong sawidak ingkang lampus | Kumpêni abragadan | Bugis Ambon Sêmbawa miwah Lumayu | wadya Makasar kèh pêjah | angrês prajurit Kumpêni ||
129.007 amung kantun kawan dasa | rowangira Ki Untung ingkang kari | maksih sudira angamuk | kabèh lir singa lodra | ya ta sapih kang yuda kasaput dalu | wadya Kumpêni sadaya | wus mundur marang nagari ||
129.008 Ki Untung ingkang winarna | pan ing dalu gunêm sarowangnèki | ana ingkang rada sêpuh | Ki Êmbun namanira | alon mujar kabèh sanak-sanak ingsun | paran mangke karêpira | kang wong sadaya nauri ||
129.009 manira tan darbe sêdya | saparane Ki Untung sun tut wuri | maring ngêndi ingsun tumut | Ki Êmbun alon ngucap | mring Ki Untung bagus iki pikir ingsun | yèn amung abănda yuda | pira kuwatira iki ||
129.010 amusuh wong sanêgara | yèn sêmbada payo padha angungsi | Ki Untung alon amuwus | apa sakêrsanira | nanging ngêndi nêgara patut jinujuk | Ki Embun alon [[f. 456v]: a...lon] angucap | ing Carêbon kang prayogi ||
531–532 dari 650

 


pangêdrèle (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 188.6.2). Bandingkan: pangêdrèling (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.4.2); angêdrèl ing (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.4.2). (kembali)
Kurawagung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.5.3). Bandingkan: Kurawèku (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.5.3). (kembali)