Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
132 dari 149
561–562 dari 650
5.606–5.615 dari 6.494
132.072 ya Martapura sirèki | jinaluk marang Wêlănda | timbalan dalêm maring [[f. 480r][1]] ngong | miwah mring catur punggawa | yèn sira wani nglawan | isun kinèn milu ngamuk | kalawan kănca sadaya ||
132.073 pangeran ngandika aris | igih adhi Martapura | bejing yèn prapta lajine | yèn pakanira cinandhak | kabèh wong sanakira | nora salaya angamuk | yèn sira wani anglawan ||
132.074 barêng lêbur barêng mati | punggawa kalan sira |[2] Ki Martapura ature | yèn makatên kang timbalan | igih purun kawula | wuwuha Kumpêni sèwu | kawula datan sumigah ||
132.075 amusuh lawan Kumpêni | ing pundi gène kapêdhak | ngrangsanga baluwêrtine | pan igih purun kawula | asêdya sabilolah | Allah i bejing yèn lampus | igih bubukêk[3] kewala ||
132.076 lêhêng ngamuka Kumpêni | yèn pêjah angsal ganjaran | lawan apadhang margane | suka kang para punggawa | miyarsa sanggupira | Ki Martapura amanthuk | ing dalu datan winarna ||
132.077 ya ta kawuwusa enjing | punggawa samya sanega | rahadyan patih wadyane | satus ingkang pêpilihan | kang badhe sarêng pêjah | kang arsa binêkta ngamuk | dene bala kathah-kathah ||
132.078 badhe anèng jawi laji | Pangeran Natakusuma | sêlawe pêpilihane | kang tumut sabaya pêjah | Tumênggung Suranata | sawidak sêntananipun | kang samya tumut palastra ||
132.079 Ki Mangunanêng amilih | wong Pathi mung kawan dasa | kang yogya barêng lêbure | Ki Binarong milih wadya | antuk wong sêlawe prah | kang badhe tumut malêbu | ing laji sabaya pêjah ||
132.080 Tumênggung [[f. 480v]: Tu...mênggung] Martapurèki | amilih wong kawan dasa | wadya Jêpara nom-anom | kang samya dinulangmangap | alabuh baya pêjah | Radèn Arya Sidurjèku | sampun angrasuk busana ||
132.081 dhuwung sakawan winangking | kalima cundrik wasiyat | kang minăngka cêcothène | Pangeran Natakusuma | mangking dhuwung têtiga | Kiyai Gupita ngayun | cinothe mugèng jujugan ||
561–562 dari 650

 


Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: punggawa kalawan sira (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 13.73.2); bupati kalawan sira (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 111.74.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 42.73.2); bupati iki lan sira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.93.2). (kembali)
bubukên (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 13.74.7; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 111.75.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.94.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 42.74.7). (kembali)