Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
133 dari 149
564–565 dari 650
5.634–5.643 dari 6.494
133.013 | wontên lutnan adêlirèng wèsthi | wus winangsit kinèn nglarihana | marang Ki Martapurane | dyan linarihan gupuh | Martapura dènnya nanggapi | gumêtêr tanganira | lutnan mingêr sampun | kang kiwa anyêkêl talam | asta kanan anyandhak dhuwunge rèki | Tumênggung Martapura || |
133.014 | kêna siji kasêlêk ngigati | samya ngadêk sagung pra punggawa | myang Kumpêni ngadêk kabèh | Martapura lumayu | têbah jaja rahadyan patih | Pangran Natakusuma | ngusap jajanipun | Ki Tumênggung Suranata [[f. 482v]: Su...ranata] | Mangunanêng Binarong kinèn nututi | Martapura kacandhak || |
133.015 | kapêgatan dening wadya jawi | Martapura sampun sinudukan | ajur mumur kuwandane | Suranata amuwus | sêsuwèkên pakakna anjing | sigra kang wadya Dêmak | anyênyêmpal sampun | ing jisime Martapura | Suranata mapan lajêng jêjarahi | wismane Martapura || |
133.016 | sakathahe ingkang anak rabi | rajabrana sampun cinacahan | anênggênah ing wadyane | Ki Suranata wangsul | sakancane marang ing laji | kumêndur ka wêrdaya | langkung sukanipun | matur ing Radyan Sindurêja |[1] latah-latah kumêndur sarya nglarihi | radyan nyana kawula || |
133.017 | Martapura èstu bêngkalahi | batên adipe yèn ajalma rucah |[2] atêbih lan piyangkuhe | tuwan radèn puniku | ngati-ati bêkta prajurit | radèn patih ngandika | sarya sru gumuyu | ing nyana manira wangkal | kala dhingin duk maksih lêlungguh mantri | wontên ing Kartasura || |
133.018 | Jiwaraga sampun anglanangi | kumêndur saya alatah-latah | yèn makatên tuwan radèn | gila salaminipun | pan kasaru wau kang prapti | Tumênggung Suranata | lan sakancanipun | katur ing rêkyana patya | yèn isine wisma sampun dèn jarahi | nak rabi binoyongan || |
133.019 | katur sêrat kêkitir dunyèki | nanging maksih rinêksèng pêndhapa | lawan saanak rabine | rinêksa wadya gung |[3] mantri Dêmak [[f. 483r]: Dê...mak] kalawan Pathi | radèn patih ngandika | mring tuwan kumêndur | saudara jêngandika | bokmênawa wontên kang dipun kêrsani | tilare Martapura || |
133.020 | ingkang warni barana lan rabi | Kumêndur Sêlut pangrêpa mujar | ingkang batên-batên radèn | pan kagunganing ratu | anuhuna kawula ajrih | Kumpêni wus kalintang | trima kasihipun | dhatêng gusti sri nalindra | pan kawula dèrèng sagêd amangsuli | sagunge kabaikan || |
133.021 | radèn arya angandika aris | dhawuhakên andikaning nata | sarta lawan pitungkase | timbalane sang prabu | apêrkara Si Surapati | mangke nèng Pasuruan | madêg barisipun | bêbahak măncanêgara | sri nalindra amundhut wadya Kumpêni | amukul Surapatya || |
133.022 | ing badhe tinuduh ing kardi |[4] kang minăngka senapatining prang | pangeran ing Madurane | Dipati Surèngkewuh | ngirid sagung wadya pasisir | wulan ngajêng punika | nênggih angkatipun | yèn wus dadya ingkang rêmbag | pakênira ing benjing kintuna tulis | pêsthine kang ubaya || |
564–565 dari 650
1 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: maring Rahadèn Sindurja (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 14.19.8); muwus mring Radèn Sindurja (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 112.19.8; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.10.8); muwus mring radèn apatya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.19.8). (kembali) |
2 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: botên andipe yèn jalma rucah (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 112.20.2); botên nyana lamun janma rucah (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.20.2); botên andimpe yèn janma rucah (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.11.2); datan anyana yèn jalma rucah (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 14.20.2). (kembali) |
3 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: rinaksèng mantri agung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.22.4); rinêksa mantri agung (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 112.22.4); rinêksa ing wadya gung (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.13.4); rinêksèng mantri tuhu (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 14.22.4). (kembali) |
4 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ingkang badhe tinuduh ing kardi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.25.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 112.25.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.16.1); anadene kang tinuduh kardi (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 14.25.1). (kembali) |