Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
134 dari 149
571–572 dari 650
5.707–5.716 dari 6.494
134.035 | yayi mas paran ing karsa | aprakara lakune si apatih | wus jangji lan si kumêndur | prakara Pasuruan | lan Kumpêni ingsun pundhuti bêbantu | anggêmpur ing Pasuruan | lan pinarcayakna malih || |
134.036 | kang sun tuduh ing ayuda | Adipati Madura Surawèsthi | ngirid pasisir sadarum | kang rayi atur sêmbah | yèn suwawi karsa paduka pukulun | lêhêng nuntên kalampahan | pun adipati kêkalih || |
134.037 | nadyan silih kapanggiha | inggih benjing kalawan pun Kumpêni | wontên ing paran pukulun | sadaya umangkata | pun Kumpêni saèstu mêdal ing laut | sri nalendra angandika | iku karsaningsun yayi || |
134.038 | maksih kaya dhingin uga | roro iku kang isun karya sandi | duk Jêpara durung kontung | alane kang sun karya [[f. 489v][1]: kar...ya] | Jiwaraga nyata wijiling wong buruh | karya nglingsêmi nagara | nistha ngo[2] karya bupati || |
134.039 | yayi nisthaning nalindra | yèn akarya punggawa ajrih pati | watêke wong ajrih lampus | wani gawene cidra | durung têka ing tekat ngawulèng ratu | apan jênênge manungsa | tan kêna miliha pati || |
134.040 | lawan yayi sun wêtara | uwis gêdhe kundhange Surapati | pêpatêse[3] surèng kewuh | lamun tan kawanguran | Jêng Pangeran Dipati Pugêr wotsantun | kados sampun asamêkta | abdi dalêm Surapati || |
134.041 | yèn suwawi ingandikan | nênggih adi[4] dalêm dipati kalih | kinèn siyaga ing pupuh | sang nata sigra duta | animbali Radèn Arya Sindurjèku | kêlawan Sang Dipati Sampang |[5] myang Tumênggung Suwèsthi |[6]| |
134.042 | punggawa katri wus prapta | ing ngarsane kangjêng sri narapati | angandika sang aprabu | arimas ing Madura | lawan sira Tumênggung Surabayèku | adandana ing ayuda | ingsun utus anglurugi || |
134.043 | marang nagara bang wetan | Pasuruan poma dèn ngati-ati | karone padha kang rêmbug | anamur ing parkara | aja ana ingkang kawêtu ing wuwus | ingkang sarta angirida | sira ing pasisir |[7]| |
134.044 | lan wadya ing Kartasura | sapratêlon milua ing sirèki | punggawa kalih wotsantun | aturira sandika | sri nalendra ngandika wêcana arum | pitungkas ingsun mring sira | iya misih kaya dhimin || |
571–572 dari 650
1 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
2 | ngong. Bandingkan: sun (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 15.39.7). (kembali) |
3 | pêpantêse. (kembali) |
4 | abdi (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 15.42.2). (kembali) |
5 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lawan Adipati Sampang (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 44.42.6); lan Adipati Madura (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 15.42.6). (kembali) |
6 | Kurang satu suku kata: myang Tumênggung Surawèsthi. Bandingkan: katiga ing Surawèsthi (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 15.42.7); têtiga ing Surawèsthi (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 44.42.7). (kembali) |
7 | Kurang dua suku kata. (kembali) |