Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
135 dari 149
579–580 dari 650
5.782–5.791 dari 6.494
135.038 | aja ngabong wismane mantri punggawa | karana aja kongsi | susah wadyaningwang | yèn ingsun angêdhatyan | ingkang jumênêng dipati | angêbrokana | iya wisma dipati || |
135.039 | sun watara wus mawur wong Kartasura | tan ana magut malih | amung si dipatya | andêle ing ayuda | Urawan mêngko wus ngisis | kari sang nata | tininggal ing wong cili || |
135.040 | iya măngsa wania mapag maringwang | jêr ingsun gênti waris | amêngku rat Jawa | mapan wus turun lima | iku kang ingsun kukuhi | nyilih maringwang | cup edhal-edhul mami || |
135.041 | kawarnaa mantri gandhèk lampahira | wus awas nulya bali | nandêrakên kuda | ing alun-alun prapta | katur ing sri narapati | mêsah kang prapta | ing Nrangkusuma baris || |
135.042 | kèndêl agya anata kang wadyabala | ngandika sri bupati | wong gamêl dèn egal | kuda ngong caosêna | Ki Kaladaru dèn aglis | wus binusanan | sinaosakên gusti || |
135.043 | sri nalendra angagêm kang babêrkatan | angrasuk Kyai Gudhil[1] | myang Kyai Balabar | sampun mugèng wangkingan | ujyalanya anêlahi [[f. 495r]: anêlah...i] | Kyai Makutha | rinakit ing sang aji || |
135.044 | Kyai Baru ingampil tan kêna têbah | mugèng kanan nrêpati | kangjêng sri nalendra | amundhut kang têngara | bêndhe Ki Bicak anênggih | mapan wasiyat | sangking ing Tarub uni || |
135.045 | sri nalendra sampun anitih turăngga | karsa ngawaki jurit | wus miyos sang nata | ginarêbêg ing wadya | ngalun-alun sigra prapti | wadya kaparak | tinata ingkang baris || |
135.046 | sri nalendra angitêrakên turăngga | kinubêng ing wong Bali | agagah prakosa | watawis kawan dasa | Singabarong kang wêwangi | wêdananira | tan têbih lawan gusti || |
135.047 | wong kaparak abaris waringin kêmbar | gambira ingkang dasih | miyat sri nalendra | karsa ngawaki yuda | langkung pamujining ati | wadya kaparak | sadya barêng ngêmasi || |
579–580 dari 650
1 | Gundhil (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 112.52.2). Bandingkan: Gondhil (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 45.45.2). (kembali) |