Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
147 dari 149
639–640 dari 650
6.386–6.395 dari 6.494
| 147.015 | wong Pasuruan siyaga | pangarsane ing Kali Tambang baris | wadyèng Pasuruan wau | kang anèng Pranaraga | karsanipun agêmbul ing kali sampun | anênggih ing Kali Tambang | pan sampun bodhol kang baris || |
| 147.016 | wus awor ing Kali Tambang | amalatar wadya amacêk baris | gêntya wau kang winuwus | Tumênggung Mangkuyuda | lan kang rayi Natayuda wus angutus | ing mantri atur uninga | ing kangjêg pangeran aglis || |
| 147.017 | yèn mêsah sampun malatar | Jêng Pangeran Pugêr budhal tumuli | rawuh ing bumi Madiun | sampun anonjok surat | mring Ngabèi Êlor myang Ngabèi Kidul | pan sêmaya karya pêjah | aja kêmba ing ajurit || |
| 147.018 | ya ta wadyèng Kartasura | apan sampun ayun-ayunan jurit | anêtêk têngara umyung | miwah wong Pasuruan | atêngara bêndhe tinitir angungkung | tinata kang ponang bala | pangawat kanan lan kèri || |
| 147.019 | miwah wadyèng Kartasura | Jêng Pangeran Pugêr wus nata baris | pangawat ing kananipun | Ki Dipati Urawan [[f. 547r]] | lan Tumênggung Wirawidigda puniku | Ki Tumênggung Mangkuyuda | lan ari Natayudèki || |
| 147.020 | pangeran munggèng ing dhadha | pan kinêtêb dening wadya pasisir | prajurit pratmaja ngayun | ngarsane jêng pangeran | pra prajurit bang wetan sarêng anêmpuh | sumahab kang wadyabala | wong Kartasura nadhahi || |
| 147.021 | umung surake lir umbak | ing samodra nêmpuh parang taritis | sênjata lir gêlap sèwu | bendrong wong Kartasura | tuwin pasisir wadya sarêng gumulung | pêtêng kukusing sêndawa | wong Pasuruan mangukih || |
| 147.022 | wadya lit wus kathah pêjah | kalih atus watara kang ngêmasi | wong Pasuruan kaburu | bagna luyut kang bala | dyan mawantah wong Kartasura bêbujung | wadya kèh suksa[1] wor wona | wadya kang samya nututi || |
| 147.023 | pan sampun wangsul sadaya | pan lumiring baris mring Panaragi | angêbroki kithanipun | sampun samya ngundhangan | wadya alit kang ngili wus kinèn wangsul | têtêp wadya Pranaraga | sêsuguh prapta anggili || |
| 147.024 | ya ta wau kawarnaa | wadya ingkang kaplayu ing ajurit | ing Caruban dènnya ngumpul | lajêng ing lampahira | ambêboyong urut dalan kang bêbujung | wus nabrang ing palabuhan | samya rêrêb ing Kadhiri || |
639–640 dari 650
| 1 | muksa (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.22.6). Bandingkan: muksèng (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 33.20.6). (kembali) |