Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
148–149 dari 149
649–650 dari 650
6.486–6.494 dari 6.494
148.058 ya ta ngandika sri narapati | mring parêkan sira dhawuhêna | timbalan ingsun dèn age | mring Somabrata iku | sakathahe para dipati | padha mêkajangana | yèn wus pitung dalu | sidhêkahe kangjêng rama | iku padha muliha para dipati | ngungkurna panangkilan [[f. 555r]] ||
149. Pangkur
149.001 parêkan tur sêmbah mêdal | sapraptane wau ing păncaniti | dyan dhinawuhakên gupuh | marang ing Somabrata | pan sandika Somabrata aturipun | apan sampun ingundhangan | sakathahe pra dipati ||
149.002 datan winarna sêmana | praptèng dina Soma nata tinangkil | kang wadyabala supênuh | andhèr ing panangkilan | wong kaparêk tan kaliru pêrnahipun | ugyanira sowang-sowang | kadya pawiyosan syargi ||
149.003 sang nata munggèng dhêdhampar | angandika marang rêkyana patih | hèh Si Sodama sun jungjung | linggihe sangking ngandhap | apan ingsun sêngkakakên ing aluhur | pan ingsun karya wêdana | wêdanane wong panumping ||
149.004 lawan sun paringi aran | Si Ariya Madurêja anênggih | Somabrata nêmbah matur | jumurung karsa nata | wontên abdinira kadipatèn wau | apan paranakan Cina | têtiyang sangking Sêmawis ||
149.005 langkung dene kinasihan | tinariman dening sri narapati | ingangkah sudara tuhu | aran Ki Pusparaga | sutanipun Radèn Mangunrana iku | kang kinarya têtarihan[1] | dènira sri narapati ||
149.006 saha kinulawisuda | pan kinarya sêntana sinung linggih | apan gawene wong sèwu | tri atus sinung aran | Ki Tumênggung Jayaningrat ki tumênggung | kagugu saaturira | ngapura yèn dosa pati ||
149.007 sang nata malih ngandika | Somabrata sira wèha upêksi | maring Si Kumêndur Sêlut | Driyansah ing Jêpara | lawan maring Si Kapitan Kênol iku | lamun kangjêng rama seda | ingsun kang madêk nêrpati ||
149.008 ingkang jagani Sêmarang | apan maksih Si Kênol durung salin | dimon laju surat ingsun | marang nagri Jakarta | Ki Tumênggung Somabrata nêmbah matur | pukulun inggih sandika | wus matah kaliwon Jawi ||
649–650 dari 650

 


Bandingkan: têtariman (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 131.5.6). (kembali)