Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
183 dari 258
586–587 dari 810
5.853–5.862 dari 8.099
183.10 tan winarna wau Sri Bupati | Kartasura wau kawuwusa | Sri Bupati Ngalagane | nèng Salinga kêkuwu | Raja Namrud ingkang nanggupi | bêdhahing Kartasura | ing samangsanipun | marmanya ingêla-êla | Raja Namrud pinaringan èstri luwih | sêntana sanak misan ||
183.11 pan ingajak umagut ing jurit | nênggih tansah sinăngga ing krama | datanpa wêkas sanggupe | têmah kaku tyasipun | Natèng Nglaga dèn sêmayani | dene Pangran Pamênang | sangêt aturipun | dhuh anak prabu dèn sabar | sabudine pun Namrud dipun turuti | sagêda dados rewang ||
183.12 Natèng Nglaga wus gêla kang galih | sigra budhal lan sabalanira | marang Bagêlèn karsane | sang nata akêkuwu | lajêng dènnya apacak baris | Ki Arya Tambakbaya [3: 285: Tambakba...ya] | kang kinarya wau | senapatine ngayuda | lan kang ari Ki Arya Surajayèki | miwah Surănggakara ||
183.13 wong Bagêlèn kathah ingkang prapti | sami bêkta sagêgamanira | pan sampun dadi barise | sigra budhal sang prabu | ingkang baris Prapag ginitik | marang Ki Tambakbaya | lan Surajayèku | wong Kartasura tan wikan | yèn linanggar arame campuhing jurit | wong Kartasura dhadhal ||
183.14 panyanane sang nata nindhihi | Kangjêng Sunan Ngalaga umangsah | rêbut dhucung pêlayune | wadya Bagêlèn anglud | saparane dipun tut wuri | wus prapta ing Mêntaram | maksih dèn bêburu | dêdamêl ing Kartasura | sigra mandhêg prasami apacak baris | wau Sunan Ngalaga ||
183.15 nèng Mêntaram samadya sasi |[1] wong Mêntaram kathah ingkang prapta | kinêrig sadêdamêle | Pangran Panular wau | kang kinarya cucuking baris | tan pisah lan kang raka | saparane tumut | nanging Pangeran Pamênang | maksih kantun anèng ing Salinga baris | milya Namrud Narendra ||
183.16 apan arsa jinunjung nêrpati | marang Namrud Pangeran Pamênang | mila anut barang rèhe | warnanên Sang Prabu |[2] ing Ngalaga budhal tumuli | saking nêgri Mêntaram | pan arsa umagut | mangrurah ing Kartasura | baris agêng măngka panganjuring jurit | Ki Arya Surajaya ||
183.17 ingkang raka Ki Tambakbayèki | wus ginêbag ingkang anèng Pokak | dhadhal muwur [3: 286: mu...wur] bubar kabèh | wadya Bagêlèn anglud | dèn bêbujung Drêsanan prapti | ingusir saparannya | prapta ing Dêlanggu | sampun lumêbêt nêgara | dêdamêle ing Kartasura wus mijil | anèng jawining kitha ||
183.18 Natèng Nglaga lan sagung prajurit | pan angêpung nêgri Kartasura | gênti kang winuwus mangke | Prabu Mangkurat wau | dina Soma miyos tinangkil | pêpak kang wadyakuswa | nèng ngarsa supênuh | ing alun-alun bêlabar | pra dipati pêpkakan[3] sêdaya sami | munggèng ngarsa naredra ||
183.19 pra dipati nung-anung sumiwi | pra upêsir munggèng kering kanan | miwah Amral Hèlduwèlbèh | Radèn Nrangkusumèku | anèng ngabyantara nêrpati | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | umatur ulun tur priksa | rinta nata Prabu Ngalaga di murti | ing mangke ngêpung kitha ||
586–587 dari 810

 


Kurang satu suku kata: nèng Mêntaram pan samadya sasi. (kembali)
Kurang satu suku kata: warnanên Sang Aprabu. (kembali)
pêpakan. (kembali)