Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
185–186 dari 258
594–595 dari 810
5.933–5.942 dari 8.099
185.29 | amba nguni wus umadêg aji | nèng Plèrèd kêdhaton | asêsilih Prabu [3: 297] Ngalagane | mangke lamun maksih ana nami | saru praja aji | sigug ing kêprabun || |
185.30 | sri narendra suka ing panggalih | adhuh ariningong | luwih bênêr yayi mas ature | sira muliha aranta lami | Pangran Adipati | Pugêr trahing madu || |
186. Dhandhanggula | |
186.01 | ingkang rayi nuwun awotsari | dhawuhipun kang raka narendra | kunêng ingkang winiraos | pra bupati sêdarum | ing pasisir kilèn Samawis | sami kinèn budhala | mring Salinga nglurug | sang nata jêngkar ngêdhatyan | kang nindhihi ing yuda Dipati Têgil | Tumênggung Mangkuyuda || |
186.02 | Natayuda Surănggakarèki | dhawuh dalêm yèn unggul ing yuda | Si Namrud asor yudane | sirnakêna sêdarum | nak putune aja na kari | tumpêsên bayi lanang | kang wadon sêdarum | kabèh padha boyongana | winitara wadyabala kang lumaris | nêm èwu kathahira || |
186.03 | sampun budhal sagêgaman jurit | tan winarna lampahirèng marga | anèng Gumêlêm praptane | tata pakuwonipun | ingkang baris sampun rinakit | gêntia kang kocapa | wau kang winuwus | Raja Namrud amiyarsa | lamun baris Kartasura sampun prapti | arsa ngrabasèng yuda || |
186.04 | gya parentah wadyanira sami | asiyaga kêprabon ngayuda | amapag ripu karsane | wus agêng barisipun | têngarane bêdhug tinitir | wadya pasisir nêmbang | têngara gumuruh | kang bêndhe [3: 298] bèri tinêmbang | pra dipati sami ngawaki ajurit | angantêp ing ayuda || |
186.05 | bêndhe bèri tinabuh tinitir | pan sumahab wadyabala mangsah | wong Salinga akêkêdhèr | wau Sang Raja Namrud | lan Pangeran Pamênang nênggih | prasami magut yuda | rame prangnya campuh | amêtokkên pangabaran | Raja Namrud pangabarane tan dadi | sampun karsaning Suksma || |
186.06 | wadyanira kathah ingkang mati | têtumpêsan Namrud balanira | tan ana tahan mimise | wus bodhol barisipun | pra dipati sami angungsir | Raja Namrud kacandhak | rinampog wus lampus | wau Pangeran Pamênang | wus kacandhak sêmana cinêpêng aglis | mring sagung pra dipatya || |
186.07 | wong Salinga tinumpêsan sami | nadyan bocah yèn lanang pinatyan | wadon binoyongan kabèh | para bupati rêmbug | budhal saking Salinga nênggih | ngiringakên boyongan | tan kawarnèng ênu | wus prapta ing Kartasura | pan Pangeran Pamênang wus dèn sedani | anèng ing kamandhungan || |
186.08 | datatita lingira ing nguni | Kartasura sêmana wus rêja | tan wontên kara-karane | Lănda wus sami mantuk | pan ginanjar sinung nêgari | Carêbon lan Pasundan | pinaringkên sampun | lawan Jêng Sunan Mangkurat | anyanggupi wêragad obat lan mimis | ingkang dèn angge aprang || |
594–595 dari 810