Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
186 dari 258
594–595 dari 810
5.940–5.949 dari 8.099
186.06 | wadyanira kathah ingkang mati | têtumpêsan Namrud balanira | tan ana tahan mimise | wus bodhol barisipun | pra dipati sami angungsir | Raja Namrud kacandhak | rinampog wus lampus | wau Pangeran Pamênang | wus kacandhak sêmana cinêpêng aglis | mring sagung pra dipatya || |
186.07 | wong Salinga tinumpêsan sami | nadyan bocah yèn lanang pinatyan | wadon binoyongan kabèh | para bupati rêmbug | budhal saking Salinga nênggih | ngiringakên boyongan | tan kawarnèng ênu | wus prapta ing Kartasura | pan Pangeran Pamênang wus dèn sedani | anèng ing kamandhungan || |
186.08 | datatita lingira ing nguni | Kartasura sêmana wus rêja | tan wontên kara-karane | Lănda wus sami mantuk | pan ginanjar sinung nêgari | Carêbon lan Pasundan | pinaringkên sampun | lawan Jêng Sunan Mangkurat | anyanggupi wêragad obat lan mimis | ingkang dèn angge aprang || |
186.09 | myang bêlănja kalanira jurit | jêng suhunan sanggup angulihna | sarta Wêlănda patine | ingkang [3: 299: ing...kang] mati prang pupuh | jêng suhunan sanggup maringi | sêmana wus pamitan | marang sang aprabu | kang jaga ing Kartasura | mung rongatus asaos karsa sang aji | Sang Aprabu Mangkurat || |
186.10 | tinilaran kapitan satunggil | litnanipun apan mung sêkawan | mung satunggal lopèrèse | sigra budhalan sampun | sakathahe wadya Kumpêni | saking ing Kartasura | Sêmarang jinujug | pan sarwi ngupaya papan | ing Sêmarang sêmana dipun lojèni | sarta idi sang nata || |
186.11 | tan winarna kang anèng jêladri | ingkang mantuk marang Batawiah | sira Amral Hèlduwèlbèh | gêntia kang winuwus | ingkang babad karya nêgari | andina dandan-dandan | swarane gumuruh | sagunge kang wadyabala | pan andina-dina dènnya nambutkardi | wisma myang kalangênan || |
186.12 | ya ta wau sagung pra dipati | samya gunêm kuwatir ing praja | sagunge wadya Bagêlèn | pra mantri maksih kumpul | maksih wontên Pangran Dipati | ing Pugêr panggenannya | wus dadi kang rêmbug | satêngah rêmbug mangkana | yèn maksiha anggèr tinunggu ing mantri | mênawa bokmênawa || |
186.13 | kêni bineka ing wadya alit | dadya katur rêmbaging punggawa | sang nata pangandikane | ya bênêr pikir iku | ing mulane adhi mas dhingin | lawas tan seba-seba | marang jênêng ingsun | kêna binangus ing bala | sri narendra kang rayi dipun timbali | Dipati Pugêr prapta || |
186.14 | angandika wau sri bupati | hèh adhi mas dèn kaparèng [3: 300: kapa...rèng] ngarsa | marma sun undang riningong | manira ayun wêruh | uwongira kang lami-lami | miwah wongira anyar | manira yun wêruh | Pangeran Pugêr tur sêmbah | pan sumăngga kang wadya dipun timbali | sumaos ngarsa nata || |
186.15 | kawan dasa kathahe pra mantri | padha wangun tur asura-sura | sang nata pangandikane | marang kang rayi wau | apan iku wongira lami | lawan wongira anyar | ing suwarnanipun | pantêse prawirèng yuda | Pangran Pugêr umatur sarwi wotsari | nika tyang ulun lama || |
594–595 dari 810