Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
199 dari 258
632–633 dari 810
6.317–6.326 dari 8.099
199.05 | sira Tumênggung Jangrana | angandika hèh sanak-sanak mami | kayaparan wêkasipun | yèn awèt mangkenea | kaya nora sampurna ing pitung tèngsu | ing mêngko karêp manira | ing ayuda sun awaki || |
199.06 | aja nganggo wong arahan | sarupane sanak [4: 51: sana...k] ngong nunggal mami | Pangeran Răngga puniku | Pêcalan lan Kêkonang | ing Têmbayat wontêna ing wuriningsun | sampun kêdah tumut yuda | ingong dhewe kang ngawaki || |
199.07 | tanapi Pangeran Răngga | lan pun adhi Têmbayat dèrèng prapti | pun adhi kèndêl puniku | kêdah wakil kewala | sawarnine nênggih sanak-sanak ingsun | binêktakakên kawula | nanging maksih kula iring || |
199.08 | kadi ing sadina benjang | dhatêngipun lamun botêna adhi | Tumênggung Jangrana muwus | nadyan botên dhatênga | pan punika ngêntosi sabalanipun | suprandene sampun kathah | sêntanane kang wus prapti || |
199.09 | apan dina benjang enjang | kula mangsah yuda mangrurah biting | wong gunung êndhasa sèwu | măngsa ingsun ulapa | dika pangran prayogi muji nèng pungkur | Pêcalan lawan Kêkonang | andika muji lan dhikir || |
199.10 | yèn ta maksih katingalan | nadyan bisa arupaa sakêthi | anggêr botên bisa mabur | yèn maksih ngambah lêmah | inggih kenging kula lantari ing lawung | măngsa ta kula ajriha | anggêr sagêd caruk kêris || |
199.11 | hèh payo wong Surabaya | para mantri lan kabèh sanak mami | ingkang padha têguh timbul | aja doh lawan ingwang | pilihana wadyaningsun besuk esuk | payo ta barêng palastra | lan wong ingsun talang pati || |
199.12 | ing ratri wuwusên enjang | duk samana sadhiya ing ajurit | miwah wadya Ngarga uwus | sadhiya magut ing prang | mêdal saka [4: 52] biting wadyanira umyung | pan sampun ayun-ayunan | sarêng nêmpuh ing ajurit || |
199.13 | sira Tumênggung Jangrana | anèng ngarsa dharat ngawaki jurit | Pangeran Wăngga nèng pungkur | Kêkonang lan Pêcalan | samya dhikir sawadya swaranya umyung | wau Tumênggung Jangrana | ngabani wadya sinêlir || |
199.14 | wadya Surabaya mangsah | wong Madura sarêng angamuk wani | wong Gunung atadhah pêngkuh | sira Răngga Dhadhapan | munggèng ngarsa mobat-mabit pêcutipun | arame dènira yuda | kang ajriha têmah wani || |
632–633 dari 810