Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
199 dari 258
633 dari 810
6.321–6.330 dari 8.099
199.09 | apan dina benjang enjang | kula mangsah yuda mangrurah biting | wong gunung êndhasa sèwu | măngsa ingsun ulapa | dika pangran prayogi muji nèng pungkur | Pêcalan lawan Kêkonang | andika muji lan dhikir || |
199.10 | yèn ta maksih katingalan | nadyan bisa arupaa sakêthi | anggêr botên bisa mabur | yèn maksih ngambah lêmah | inggih kenging kula lantari ing lawung | măngsa ta kula ajriha | anggêr sagêd caruk kêris || |
199.11 | hèh payo wong Surabaya | para mantri lan kabèh sanak mami | ingkang padha têguh timbul | aja doh lawan ingwang | pilihana wadyaningsun besuk esuk | payo ta barêng palastra | lan wong ingsun talang pati || |
199.12 | ing ratri wuwusên enjang | duk samana sadhiya ing ajurit | miwah wadya Ngarga uwus | sadhiya magut ing prang | mêdal saka [4: 52] biting wadyanira umyung | pan sampun ayun-ayunan | sarêng nêmpuh ing ajurit || |
199.13 | sira Tumênggung Jangrana | anèng ngarsa dharat ngawaki jurit | Pangeran Wăngga nèng pungkur | Kêkonang lan Pêcalan | samya dhikir sawadya swaranya umyung | wau Tumênggung Jangrana | ngabani wadya sinêlir || |
199.14 | wadya Surabaya mangsah | wong Madura sarêng angamuk wani | wong Gunung atadhah pêngkuh | sira Răngga Dhadhapan | munggèng ngarsa mobat-mabit pêcutipun | arame dènira yuda | kang ajriha têmah wani || |
199.15 | wadya Arga tandangira | datan ulap dulu warastra lungid | lir singa lodra mangamuk | Pangran Kajoran wuntat | Panêmbahan Rama sarwi akêkutug | apan wus karsaning Suksma | pangabarane tan dadi || |
199.16 | sanjata wus sami munya | wadya Surabaya sami bêdhili | ingudanan pasêr busur | wong Arga kathah pêjah | maksih tadhah wadya Madura gumulung | pira kadare wong Arga | dipun urugi pêpati || |
199.17 | panêmbahan myat ing wadya | anggêlasah kadi babadan pacing | ginêtak maksah[1] galugur | ambêdhol alang-alang | wus sinêbar tan ana kadadènipun | apan maksih alang-alang | Răngga Dhadhapan ngêmasi || |
199.18 | sinosog ing ganjur watang | Ki Dhadhapan jisime wor lan siti | panêmbahan awas dulu | lumayu mring bitingan | amung kantun wadya wolu atut pungkur | wus prapta ing prênahira | panêmbahan gya nêtêpi || |
633 dari 810
1 | maksih. (kembali) |