Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
40 dari 46
164–165 dari 225
1.640–1.649 dari 2.243
40.044 pangane ana ing marga | ya Si Răngga ing Samawis | Arya Sindurja gya mêdal | sapraptanira ing jawi | ajidan dèn dhawuhi | ing timbalane sang prabu | wus pamit sigra mêsat | pan sampun wartèng Kumpêni | kang ajaga ing nagari Kartasura ||
40.045 tan kawarna solahira | ya ta wau sri bupati | alon dènira ngandika | hèh yayi mas adipati | sira sun srahi kardi | dhawuhna timbalan ingsun | lamun Si Surapatya | jinaluk marang Kumpêni | lan Si Anrangkusuma sun karya wayang ||
40.046 lan sagung [2: 74: sa...gung] para punggawa | padha undhangana yayi | kabèh kon awèh gêgaman | adhi mring Si Surapati | kang rayi nêmbah mijil | punggawa kalih tan kantun | sapraptanirèng jaba | Hyang Arka wus nitih ardi | sampun prapta pangeran ing dalêmira ||
40.047 sagunging para dipatya | dalu ingundhangan sami | marang dalêm Kapugêran | miwah sira radèn patih | myang Radèn Surapati | ing Kapugêran wus rawuh | tata sami alênggah | sagung kang para dipati | jêng pangeran andhawuhakên timbalan ||
40.048 hèh paman Anrangkusuma | timbalane sri bupati | yèn mêngko Si Surapatya | dèn jaluk maring Kumpêni | sira kinarya ringgit | yèn Ki Surapati purun | amagut dutaning kang | Kumpêni saking Batawi | Kapitan Tak mêngko ana ing Japara ||
40.049 nanging lagya ingandikan | dening kangmas sri bupati | kayaparan sanggupira | kalamun pinaran wani | nuli lungaa aglis | têka nagrine sang prabu | yèn sira wani nglawan | kakang prabu angidèni | amaringi kanthi iya maring sira ||
40.050 Ki Surapati tur sêmbah | dhuh gusti kula sang pêkik | sanadyan jendral praptaa | angriga wadya Kumpêni | dèn kêbak tanah Jawi | datan amiris ing sanggup | mangkya badan kawula | angsal idining raka ji | inggih sasat paripih kalawan jimat ||
40.051 lêbura awor pratala | wus kasêdyèng siyang latri | pêjaha awor si kopar | pintên bangginipun gusti | kawula manggih urip | yèn antuk barkat pukulun | rakanta myang paduka | mèsêm Pangeran Dipati | angandika dhatêng Radèn Nrangkusuma [2: 75: Nrang...kusuma] ||
40.052 hèh paman Anrangkusuma | sirèstu kinarya ringgit | milua salaku jăntra | maring adhi Surapati | ya ta rahadèn patih | sandika suka tyasipun | pangandikanya pangran | mring sagung para dipati | alah payo kabèh awèha gêgaman ||
40.053 iya ta sasukanira | pamilihe Surapati | Ki Surapati tur sêmbah | sampun liya saking kêris | Pangeran Madurèki | sampun nguncalakên dhuwung | dhapuripun supana | tangguhe Tuban sayêkti | pan tinarik marang Radèn Surapatya ||
164–165 dari 225