Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
40 dari 46
160–161 dari 225
1.600–1.609 dari 2.243
40.004 marma gya oncat sumêdya | ngayom mring jêng sri bupati | upaminipun kawula | tinêdha dhatêng Kumpêni | wit dados runing kapir | dipun patêdhakna gupuh | nanging panuhun amba | sagung abdi dalêm Jawi | sampun wontên tumut-tumut magut yuda ||
40.005 dene Kumpêni punika | kapanggiha siyang ratri | pan inggih purun kawula | sagêndhinge kula wani | ya ta rahadèn patih | miyarsa suka tyasipun | alon dènnya ngandika [2: 67] | lah iya aja kuwatir | manira kang umatur marang narendra ||
40.006 mangkana Ki Surapatya | sinungan ênggyan pribadi | kalangkung sinuba-suba | ing radèn rêkyana patih | kinadang-kadang yêkti | ingandikan sabên dalu | gantya kang kawuwusa | sira Prabu Saradênti | nênggih ingkang ngadhaton wontên Toyamas ||
40.007 apan sampun awibawa | gêgamanira wus dadi | kang abaris kali Jirak | Tumênggung Toyamas nênggih | apan sampun ginitik | marang Bun Jaladri wau | Ki Tumênggung Toyamas | rusak balane kèh mati | tan kuwawa tumênggung sigra lumaywa ||
40.008 pan sêdya mring Kartasura | apan arsa tur upaksi | datan kawarna ing marga | ing Kartasura wus prapti | matur mring sri bupati | aturira ki tumênggung | yèn nagri ing Toyamas | wontên wong ngadêgkên baris | aprakosa kêraman kang madêg nata ||
40.009 sang nata kalangkung duka | age kinèn anglurugi | ingkang tinuduh ing lampah | sira rahadèn apatih | ya ta ingkang winarni | Radèn Anrangkusumèku | undhang kang wadyabala | santana lawan prajurit | sira Radyan Surapati ingandikan ||
40.010 wus prapta ing ngarsanira | ngandika rêkyana patih | ingsun adhi arsa lunga | timbalane sri bupati | ingsun kinèn nglurugi | ing wong kang umadêg ratu | anèng nagri Toyamas | ya ta Radèn Surapati | tur pranata kenginga radèn punika ||
40.011 sampun andika tumindak | ngamungna pun Surapati | anyêpêng mêngsah karaman | kawula ingkang nanggupi | wuwuha mêngsah malih | sayêkti merang [2: 68] kalangkung | yèn amba maksih gêsang | paduka tindak pribadi | suka ing tyas rahadèn patih ngandika ||
40.012 yèn mêngkono aturira | sun munjuk ing sri bupati | ri sampunira mangkana | lumêbêt ing dalêm puri | ing srimanganti prapti | sampun tundhuk lan sang prabu | anulya tinimbalan | wus prapta ngarsèng sang aji | sigra matur Rahadèn Anrangkusuma ||
40.013 gusti wontên palajêngan | saking ing nagri Batawi | kêkasih pun Surapatya | palajêngipun angungsi | sinikarèng Kumpêni | mila ngungsi sang aprabu | dene ta tanpa dosa | binoyak-boyak Kumpêni | nanging mangke sagah angrurah karaman ||
160–161 dari 225