Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
40 dari 46
161–162 dari 225
1.603–1.612 dari 2.243
40.007 | apan sampun awibawa | gêgamanira wus dadi | kang abaris kali Jirak | Tumênggung Toyamas nênggih | apan sampun ginitik | marang Bun Jaladri wau | Ki Tumênggung Toyamas | rusak balane kèh mati | tan kuwawa tumênggung sigra lumaywa || |
40.008 | pan sêdya mring Kartasura | apan arsa tur upaksi | datan kawarna ing marga | ing Kartasura wus prapti | matur mring sri bupati | aturira ki tumênggung | yèn nagri ing Toyamas | wontên wong ngadêgkên baris | aprakosa kêraman kang madêg nata || |
40.009 | sang nata kalangkung duka | age kinèn anglurugi | ingkang tinuduh ing lampah | sira rahadèn apatih | ya ta ingkang winarni | Radèn Anrangkusumèku | undhang kang wadyabala | santana lawan prajurit | sira Radyan Surapati ingandikan || |
40.010 | wus prapta ing ngarsanira | ngandika rêkyana patih | ingsun adhi arsa lunga | timbalane sri bupati | ingsun kinèn nglurugi | ing wong kang umadêg ratu | anèng nagri Toyamas | ya ta Radèn Surapati | tur pranata kenginga radèn punika || |
40.011 | sampun andika tumindak | ngamungna pun Surapati | anyêpêng mêngsah karaman | kawula ingkang nanggupi | wuwuha mêngsah malih | sayêkti merang [2: 68] kalangkung | yèn amba maksih gêsang | paduka tindak pribadi | suka ing tyas rahadèn patih ngandika || |
40.012 | yèn mêngkono aturira | sun munjuk ing sri bupati | ri sampunira mangkana | lumêbêt ing dalêm puri | ing srimanganti prapti | sampun tundhuk lan sang prabu | anulya tinimbalan | wus prapta ngarsèng sang aji | sigra matur Rahadèn Anrangkusuma || |
40.013 | gusti wontên palajêngan | saking ing nagri Batawi | kêkasih pun Surapatya | palajêngipun angungsi | sinikarèng Kumpêni | mila ngungsi sang aprabu | dene ta tanpa dosa | binoyak-boyak Kumpêni | nanging mangke sagah angrurah karaman || |
40.014 | ingkang mandhirèng Toyamas | punika sanggup mêjahi | yèn suwawi rinojongan | ature pun Surapati | endah punapa gusti | yèn èstu pênêd kinukup | yèn awon gya binucal | sampun nyênyukêri galih | sri narendra alon dènira ngandika || |
40.015 | lah iya sakarsanira | măngsa bodhoa sirèki | pan ingsun uwus pracaya | marang ing sira apatih | suka tyase wotsari | wus mêdal saking kadhatun | sapraptanirèng jaba | panggih lan Ki Surapati | dhinawuhan timbalane sri narendra || |
40.016 | kalilan kinèn umangkat | adhi sadina ing mangkin | Ki Surapati sandika | kalangkung suka ing galih | pan sampun dèn kèngkèni | Tumênggung Toyamas wau | ngatêr Ki Surapatya | mangkat saking ngarsèng patih | sigra-sigra mangkat saking Kartasura || |
161–162 dari 225