Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
43 dari 46
188–189 dari 225
1.872–1.881 dari 2.243
43.029 | pasthi ana ungguling ajurit | dyan ginêtak pêcêl munggwèng panjang | pêcêl mulya saba manèh | sata mibêr kaluruk | panêmbahan ngandika malih | lah iku pan pratăndha | mênang yudanipun | kabèh anak putuningwang | yèn ayuda anêmpuha aja wingwrin | myat lungiting warastra || |
43.030 | dene sira yèn palastrèng jurit | ingsun gêtak ya mangkono uga | mati bisa urip manèh | mungsuh kalamun lampus | pasthi tulus mati sayêkti | aja awalang-driya | kabèh wadyaningsun | tuwin anak putuningwang | mênèk kêna ing gêgaman aja miris | nolèha nuli waras || |
43.031 | prawiranya samya sukèng galih | lan maninge besuk yèn ayuda | padha aloka mêngkene | payo pêpêthut larut | pasthi mungsuhira sru wingwrin | andulu [2: 107] marang sira | katon dhas sapuluh | mungsuh kawon kapalajar | iya payo sêdhênge umagut jurit | wadya samya tur sêmbah || |
43.032 | wontên ingkang kinarya têtindhih | kêkasihe Ki Răngga Dhadhapan | pan sinêbul bun-bunane | sinung turăngga sampun | pun Pamulang wastaning wajik | sarwi kinèn wêwuda | nèng luhur kudèku | sawusnya siyaga budhal | gêdhe tyase kasuranya gêgirisi | gumuruh surak-surak || |
43.033 | tan kawarna ing marga wus prapti | wadya Gunung bumi Pamasaran | wuwusên wau barise | Dipati Surèngkewuh | myarsa bantu kang mungsuh prapti | wadya ing Surabaya | sudhiya amêthuk | kang ayun-ayunan yuda | ing Kalesan arame campuhing jurit | wong Kidul ngamuk rampak || |
43.034 | Răngga Dhadhapan ingkang nindhihi | nitih kuda pan sarwi awuda | wong Kidul mangkya surake | payo pêpêthut larut | wadya Surabaya bêdhili | nanging tan ana munya | kêkês manahipun | sira Ki Răngga Dhadhapan | maring ngarsa sêsumbar lir durga ngêrik | mawur wong Surabaya || |
43.035 | prajuritnya nir kasurannèki | wadya Gunung anglir singa lodra | galak mulat ing mangsane | akathah ingkang lampus | wadyèng Surapringga dèn ungsir | angilèn lorotira | amenggok mring Wanglu | ingungsir malih lumaywa | pan mangalèr ing Cèpèr atata baris | wadya ing Surapringga || |
43.036 | anata baris undhang wong cilik | Pangran ing Wăngga ingkang kinarya | wong desa gêgunungane | lawan wontên bêbantu | saking Kartasura kang prapti | sèwu wadyèng Madura | pan sampun akumpul | wong Gunungkidul [2: 108: Gunungki...dul] samana | anèng Wanglu gènira apacak baris | nungkul ingkang kèdêkan || |
43.037 | Kya Tumênggung Jangrana winarni | apan arsa umagut ing yuda | wus sadhiya prajurite | bubar kang wadya umung | baris Wanglu arsa ginitik | datan winarnèng solah- | irèng marga rawuh | ing Wanglu campuh kang yuda | ramening prang adhadhal wong Surawèsthi | kanan kering arahan || |
43.038 | kang wadyèng Sampang ngamuk mangungkih | sanjatanya sadaya amunya | wong Kidul pêngkuh yudane | samyalok pêthut larut | saha ngamuk nusup kukusing | sanjata wadyèng Sura- | baya wuri ambyuk | miwah kang wadyèng Madura | pan anglikung inginêban saking wuri | wadyèng Gunung kèh pêjah || |
188–189 dari 225