Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
44 dari 46
191–192 dari 225
1.903–1.912 dari 2.243
44.015 | umatur Pangran Ngawăngga | pan pun adhi Têmbayat dèrèng prapti | pun adhi mindêl puniku | têdah ngawaki dhawak | sawarnine inggih sanak-sanakipun | tinêkakakên kawula | nanging maksih kula iring || |
44.016 | kados sontên benjang-enjang | dhatêngipun lawan botên pun adhi | Tumênggung Jangrana muwus | nadyan botên dhatênga | pan sapala yèn ngantosana puniku | jêr puniku wus akathah | sêntananya [2: 112: sênta...nanya] kang wus prapti || |
44.017 | pan kawula benjang-enjang | arsa magut yuda angruruh biting | wong Gunung êndhase sèwu | măngsa ingsun mirisa | dika pangran dèn pênêd muji ing pungkur | dèn kathah sêsuhun dika | ing kêkêse wadya mami || |
44.018 | yèn ta maksih katingalan | nadyan silih matia bisa urip | sok sampuna bisa mabur | datan kêna tinumbak | yèn ta maksih nèng dharat wuwuha sèwu | măngsa ingsun ginggangana | maksih uga tarung kêris || |
44.019 | wong ingsun ing Surabaya | para mantri miwah pra kadang mami | ing ayuda sesuk-esuk | aja doh lawan ingwang | pilihana wadya têka patang atus | sayogya barêng antaka | lan wong ingsun talangpati || |
44.020 | ing ratri datan winarna | wusnya enjang sudhiya kang prajurit | miwah ing Ngarga pan sampun | siyaga magut yuda | mêdal saking pambitingan wadya umung | têtunggul Răngga Dhadhapan | senapatining ajurit || |
44.021 | panêmbahan anèng wuntat | pan amomor lan panakawan kalih | Ki Tumênggung Jangrana wus | bubar sing pamondhokan | saha wadya swaranira sru gumuruh | pan sampun ayun-ayunan | sarêng nêmpuh ing ajurit || |
44.022 | sira Tumênggung Jangrana | munggèng ngarsa dharat ngawaki jurit | Pangeran Ngawăngga pungkur | Kêkonang lan Pacalan | samya muji donga swaranya gumuruh | wau Tumênggung Jangrana | ngabani wadya sinêlir || |
44.023 | wadyèng Surabaya mangsah | wong Madura ngamuk sami mangungkih | wong Arga nadhahi pêngkuh | sira Răngga Dhadhapan | munggèng ngarsa mobat-mabit pamukipun | arame gènira yuda | sirna kêkêsing ajurit || |
44.024 | wadyèng Arga [2: 113] tandangira | tan awingwrin miyat warastra lungit | lir singa lodra dinulu | gurune munggèng wuntat | Panêmbahan Rama sarwi akêkutug | pan sampun karsaning Suksma | pangabaran tanpa dadi || |
191–192 dari 225