Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
45 dari 46
198 dari 225
1.971–1.980 dari 2.243
45.010 nanging ingsun iya măngsa pitayaa | karyakna jolèn mami | mawa payon kajang | kanggo [2: 121: kang...go] tumpakan ingwang | suka tyas tanaya kalih | wus karsaning Hyang | ginubêl anuruti ||
45.011 nanging saking kawratan trêsna ing putra | gingsir ing lampahnèki | ngêmping kasutapan | sampunira siyaga | sakapraboning ajurit | ki gêdhe sigra | ngubêngi maring dasih ||
45.012 saha kutug mênyan sarwi nabuh kêndhang | suraking wadya atri | gumêrah swaranya | bêdhol sagung gêgaman | ki gêdhe wus nitih joli | wadyane kumrab | bandera warni-warni ||
45.013 Kartigarut umatur marang rahadyan | lamun suwawi gusti | sakathahing wadya | samya nyêpênga sulak | kadyangganing giring mêri | ipèn kawula | nêmtokkên mêngsah miris ||
45.014 pêthuking tyas radèn dhawuhkên mangkana | sandika para dasih | samya ngrênggêp sulak | wong sèkêt ting kêtholang | radèn nèng wurining baris | nitih turăngga | songsonge kêrtas kuning ||
45.015 tan winarna lampahira sampun prapta | Kêdhungwinong kang baris | kang wadya balabar | pangarsanya wus têbah | ing Karècèk dènnya baris | myang Kapandhanan | ambèr ing Wanasrênggi ||
45.016 Kêdhungwinong Sidawayah ênggènira | sang pangayuning jurit | kang gêgabah wadya | ing dalu kawuwusa | katur marang sri bupati | lamun wong Wana- | kusumarsa mrêp puri ||
45.017 dêdamêle lumakua ngarsanira | ing Kapandhanan baris | wadya nurut wana | tuwin sawetan arga | suyut tumuntur ing jurit | ing benjang enjang | gènirarsa mrêp puri ||
45.018 katingalan saking nagri Kartasura | pakuwon Wanatawis | obornya bêranang | ing dalu tan winarna | ya ta kawuwusa enjing | Prabu [2: 122: Pra...bu] Mangkurat | miyos ing păncaniti ||
45.019 andhèr munggèng ngayunan wadya balabar | myang kapraboning jurit | Dipati Urawan | wau kinèn mêthuka | ngirit sagung wadya Jawi | budhal saksana | saking ngarsa narpati ||
198 dari 225

 

memuat ...