Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
37–38 dari 46
148 dari 225
1.471–1.480 dari 2.243
37.034 timbalan dalêm yèn mênang jurit | yèn Si Namrud kawon | anak putune tumpêsên kabèh | ingkang mêtu lanang ywa na kari | kang para pawèstri | dèn boyonga iku ||
37.035 winatara wadya kang lumaris | nêmèwu gungnya wong | kang amatah tumbak bêdhil bae | pan kajawi pêpikul pakathik | tan kawarnèng margi | lampahira rawuh ||
37.036 ing Gumêlêm gènnya tata baris | gênti winiraos | Raja Namrud miyarsa wartine | lamun bala Kartasura prapti | angrabasèng jurit | angrurah ing Namrud ||
37.037 asiyaga Namrud sawadyèki | anêdya rêrêmpon | wong pasisir wus magut yudane | pra dipati angawaki sami | panganjuring jurit | lir dhandhang anêmpuh ||
38. Dhandhanggula
38.001 gya têngara sagung pra dipati | pan sumahab magut ing ranangga | wong [2: 46] Salinga akêkojor | Raja Namrud angumpul | lan Pangeran Pamênang nênggih | prasamya mapag ing prang | rame dènnya campuh | mêtokakên pangabaran | Raja Namrud pangabarane tan dadi | sampun karsaning Suksma ||
38.002 dadya wongira akèh kang mati | têtumpêsan Namrud balanira | nora na tadhah mimise | wus dhadhal barisipun | pra dipati prasamya ngungsir | Raja Namrud kacandhak | rinampog wus lampus | wau Pangeran Pamênang | pan kacandhak samana dèn baronjongi | sagunging pra dipatya ||
38.003 wong Salinga tinumpêsan sami | nadyan bocah yèn lanang pinatyan | wadon binoyongan kabèh | sagung pratiwa rêmbug | budhal saking Salinga baris | angiringkên boyongan | tan kawarnèng ênu | praptèng nagri Kartasura | pan Pangeran Pamênang wus dèn sedani | linawe kamandhungan ||
38.004 data tita lingira ing nguni | Kartasura samana wus arja | tan wontên kara-karane | Kumpêni arsa mantuk | apan sampun sinung nagari | Carêbon lan Pasundhan | tinampanan sampun | lawan Susunan Mangkurat | anyaguhi nêmpuhi rêganing mimis | obat dèn anggo pêrang ||
38.005 lawan balanjane duk ajurit | kang sinuhun sanggup ngulihêna | sarta Walănda rêgine | sakèhe mati pupuh | jêng susunan sanggup maringi | Amral pan wus pamitan | marang sang aprabu | ingkang jagani susunan | pan Walănda rongatus badhe jagèni | atugur Kartasura ||
38.006 kang tinilar kapitan sagunggil |[1] litnanipun gih amung satunggal [2: 47: satungga...l] | pan satunggal lopèrèse | sigra budhalan sampun | sakathahe bala Kumpêni | saking ing Kartasura | Samarang jinujug | pan sarwi ngulari papan | ing Samarang pan arsa dipun lojèni | sarta idi sang nata ||
148 dari 225

 


satunggil. (kembali)