Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
38 dari 46
148–149 dari 225
1.476–1.485 dari 2.243
38.002 dadya wongira akèh kang mati | têtumpêsan Namrud balanira | nora na tadhah mimise | wus dhadhal barisipun | pra dipati prasamya ngungsir | Raja Namrud kacandhak | rinampog wus lampus | wau Pangeran Pamênang | pan kacandhak samana dèn baronjongi | sagunging pra dipatya ||
38.003 wong Salinga tinumpêsan sami | nadyan bocah yèn lanang pinatyan | wadon binoyongan kabèh | sagung pratiwa rêmbug | budhal saking Salinga baris | angiringkên boyongan | tan kawarnèng ênu | praptèng nagri Kartasura | pan Pangeran Pamênang wus dèn sedani | linawe kamandhungan ||
38.004 data tita lingira ing nguni | Kartasura samana wus arja | tan wontên kara-karane | Kumpêni arsa mantuk | apan sampun sinung nagari | Carêbon lan Pasundhan | tinampanan sampun | lawan Susunan Mangkurat | anyaguhi nêmpuhi rêganing mimis | obat dèn anggo pêrang ||
38.005 lawan balanjane duk ajurit | kang sinuhun sanggup ngulihêna | sarta Walănda rêgine | sakèhe mati pupuh | jêng susunan sanggup maringi | Amral pan wus pamitan | marang sang aprabu | ingkang jagani susunan | pan Walănda rongatus badhe jagèni | atugur Kartasura ||
38.006 kang tinilar kapitan sagunggil |[1] litnanipun gih amung satunggal [2: 47: satungga...l] | pan satunggal lopèrèse | sigra budhalan sampun | sakathahe bala Kumpêni | saking ing Kartasura | Samarang jinujug | pan sarwi ngulari papan | ing Samarang pan arsa dipun lojèni | sarta idi sang nata ||
38.007 tan winarna kang mancal jêladri | ingkang mulih maring Batawiah | sira Amral Hèlduwèl Brèh | gênti ingkang winuwus | ingkang bêbak kalih nagari | apan sadina-dina | swarane gumuruh | wadyabala Kartasura | pan sadina-dina gènnya nambut kardi | wisma myang pura nata ||
38.008 ya ta wau sagung pra dipati | samya gunêm kuwatiring praja | dene wadya ing Bagêlèn | pra mantri maksih kumpul | apan wontên Pangran Dipati | ing Pugêr kang masesa | andadèkkên rêmbug | satêmah rêmbug mangkana | yèn maksih ya gusti tinunggal pra mantri | manawa nèk manawa ||
38.009 kêna bineka ing para mantri | dadya atur rêmbaging wadana | sang prabu pangandikane | abênêr pikir iku | marmanipun adhimas dhingin | lawas tan arsa seba | marang jênêng ingsun | iya pambangusing bala | sri narendra kang rayi wus dèn timbali | Dipatya Pugêr prapta ||
38.010 sri narendra angandika aris | hèh yayi mas dèn kaparèng ngarsa | marma sun undang dhèwèke | manira pan ayun wruh | ing wongira kang lami-lami | miwah wongira anyar | ingsun arsa wêruh | Pangeran Pugêr tur sêmbah | pan sadaya wadyane wus dèn timbali | tumamèng ngarsa nata ||
38.011 kawan dasa cacahe pra mantri | samya taruna tur surèng rana | sang nata pangandikane | marang kang rayi wau | apa iku [2: 48] wongira sami | sun dulu pelag-pelag | ing suwarnanipun | pantêse padha prawira | Pangran Pugêr umatur saha wotsari | inggih têtiyang lama ||
148–149 dari 225

 


satunggil. (kembali)