Tembang macapat
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
38 dari 46
152–153 dari 225
1.517–1.526 dari 2.243
38.043 | wus misuwur sanagri Batawi | Ki Untung ucul saking bêlokan | angamuk akèh rowange | wong sapatrungkon ucul | tumpês awor lawan Kumpêni | tintrim wong sanagara | ya ta kang winuwus | Ki Untung dènnya singidan | anèng bètèng alang-alang tigang ratri | Ki Untung duk samana || |
38.044 | amomor dhatêng nagari malih | angulari pawong sanakira | sapraptanira ing rajèng | pawong sanakirèku | apan kathah ingkang kapanggih | Ki Untung tinangisan | sadayarsa tumut | pangucapira mangkana | sun mèlu mring sira asabaya pati | amalês kabêcikan || |
38.045 | tigang dasa kang tumut rumiyin | dalu mangkat saking ing nagara | tan kari sagêgamane | bètèng lang-alang rawuh | karya pondhokira miranti | ing sabên ari prapta | pawong sanakipun | kêkalih tuwin sakawan | lama-lama tutur-tinutur waradin | sakèh prasanakannya || |
38.046 | kang sawênèh ana ngait-ait | duk samana nagri Batawiah | nayaka Kumpêni kabèh | minggat têbusanipun | pan Ki Untung ingkang winarni | nèng bètèng alang-alang | wus mêmpên wong satus | lawan sagêgamanira | pan cinatur bètèng lang-alang anênggih | samana maksih wana || |
38.047 | apan enak dènira miranti | Ki Untung lawan sarowangira | dene kang ngrêksa pangane | nênggih amung Ki Untung | tan kawruhan saba nagari | tan ana kang uninga | mangkana cinatur | yèn kala marang nagara | sawêdale patrême tansah tinarik | winor suruh [2: 55] candhikan || |
38.048 | yèn kêpêthuk Kumpêni satunggil | myang kêkalih ginêpyok ing sêdhah | niba kapisanan jidhèt | sabên-sabên kêpêthuk | wong Kumpêni ginêpyok mati | yèn wayah wusing ngasar | wingwrining marga gung | ing sabên ari mangkana | lama-lama kauningan mring Kumpêni | yèn Ki Untung kang polah || |
38.049 | pinarantèn dening wong Kumpêni | yèn wayah pukul satêngah lima | binarisan ing margane | andhêdhêp tan kadulu | pinakanan Kumpêni siji | Ki Untung duk samana | anuju lêlaku | saking sajroning nagara | aningali Kumpêni satu nèng margi | sigra ginêpyok sêdhah || |
38.050 | kapirsanan kang baris miranti | sigra mêdal Ki Untung lumajar | binarondong bêdhil akèh | cinêgat saking ngayun | pan Ki Untung minglar angering | saking kering narajang | kang ginêpyok lampus | anêmpuh sarwi lumaywa | wong Kumpêni rolas ingkang angêmasi | kopral sarehan pêjah || |
38.051 | wong Kumpêni maksih ambêdhili | ambêburu Ki Untung samana | ya ta prapta ing prênahe | rowangira Ki Untung | ya ta sarêng miyarsa bêdhil | sadaya sarêng mêdal | saking prênahipun | mulat Kumpêni gung prapta | ambêbujung Ki Untung kang dèn bêdhili | wong satus sarêng pêjah || |
38.052 | ngamuk rampak wong satus mangungkih | tandangira lir yêksa mamăngsa | wong Kumpêni akèh longe | tumpês amung kang kantun | janma tiga maring nagari | dene wau kang pêjah | sawidak gungipun | lumayu maring nagara | sampun prapta katur ing para Kumpêni | miwah gurnadur jendral [2: 56] || |
152–153 dari 225