Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
40 dari 59
184–185 dari 323
1.838–1.847 dari 3.223
40.011 langkung repot lampahira para putra | Radèn Ăntawiryèki | tansah binondhetan | marang ing sêlirira | kudane dipun wowoti | dening dandanan | radèn kêkalung karbin ||
40.012 asta kiwa tansah atêkên talêmpak | miyarsa bêndhe muni | wiyang ing tyasira | arsa buwang dandanan | angrasa owêl ing galih | èmêng manawa | sêlire arsa kari ||
40.013 murang-muring myarsa bêndhe sru angangkang | gendhongan [[f. 164v]: gendho...ngan] dèn tatasi | agya sêlirira | tinitihakên kuda | sarwi kinèn mangku kêris | radèn amandhya | watang lumakyèng wuri ||
40.014 Radèn Wăngsatruna gugupolahira[1] | sarya angêmban siwi | sêlire nèng kuda | putra umur sawarsa | Mas Bêladho wastanèki | patutanira | kang saking Laroh sêlir ||
40.015 Bok Mas Laroh tinitihakên ing kuda | sarwi dèn gêgendhongi | ponjènira radyan | Wăngsataruna dharat | sarwi ngêmban ikang siwi | gagat raina | prapta ing Majalêgi ||
40.016 pan wus siyang Rahadèn Wăngsataruna | êmban-êmban kaaksi | ginuyu ing kathah | calana kang kinarya | suka sagung kang ningali | datan anyana | pangraose jêjarit ||
40.017 kèndêl nata ing lampah rêrepot ngarsa | lan sakathahing èstri | Kyai Jiwasuta | juru marga nèng ngarsa | ikang rumêksa ing wuri | saananira | gêgaman kang nindhihi ||
40.018 Sêstrajaya kalawan kang para putra | prayêtna anjagani | wadya Kartasura | kang samya jinaganan | manawa kinèn nututi [[f. 165r]] | dening sang nata | mila lampah rinakit ||
40.019 lajêng mêdal ing Kênêr ing lampahira | ing Ampèl kang dèn jogi | ya ta kawarnaa | Sang Nata Kartasura | wus abêdholakên baris | têtindhihira | Dipati Surawèsthi ||
40.020 wong pasisir ikang nututi sadaya | gancang lampahing baris | wus untap-untapan | lawan wong Kapugêran | nging Dipati Surawèsthi | kang ngirid lampah | samya lêga ing galih ||
184–185 dari 323

 


gugup polahira. Bandingkan: gugup solahira (Pengetan Radya Pustaka Surakarta, Radya Pustaka, Pupuh 136.14.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 240.14.1). (kembali)