Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
40–41 dari 59
187–188 dari 323
1.865–1.874 dari 3.223
40.038 | angandika pangeran dhatêng Ki Răngga | hèh sutaningsun kaki | paran karsanira | ingsun banjur mring Dêmak | kaki lamun anarjoni | lan karsanira | sun arsa madêg aji || |
40.039 | lawan ingsun angantèni ramanira | yayi mas adipati | ing Sampang kalawan | Dipati Surabaya | maksèng Kartasura bêkti | matur Mas Răngga | atur kawula gusti || |
40.040 | jêng paduka mandhiria nèng Sêmarang | akanthiyèng Kumpêni | yèn tuwan tan arsa | madêg nagri Sêmarang | nadyan paduka anganti | pratiwèng wetan | pênêd anèng Sêmawis || |
40.041 | langkung watir pan samangke jêng paduka | têbiha lan Kumpêni | wataking wong Jawa | manawi wontên guna | amarsadu ing Kumpêni | amrih paekan | yèn botên dipun broki || |
40.042 | bokmanawi pun Wêlandi malih tingal | kêni dèn mêmanisi | mring putra paduka | Sang Nata Kartasura | têmahipun angregoni | dadya [[f. 167r]] angathah- | akên satruning jurit || |
40.043 | lêng rinewang sapantêse pinasrahan | saprakawising jurit | Walandi punika | sugih prakosa guna | wignya kasub ing ajurit | ing tanah sabrang | kasusra yèn linuwih || |
40.044 | jêng pangeran lêgêg aris angandika | ya sun turut sirèki | nging sira dutaa | mring Sampang aturira | kaya aturmu ing kami | mring ramanira | ing Sampang Adipati || |
40.045 | nêmbah matur Mas Răngga inggih sandika | pun adipati kalih | arinta Madura | Surabaya minăngka | kabêsaraning prakawis | kinarya angkah | ing Kumpêni tur manis || |
41. Dhandhanggula | |
41.001 | yèn Kumpêni amaliha kapti | manawi ta cinorok ingêbang | saking ing Kartasurane | têmah melik ing sanggup | iwah dhatêng paduka gusti | ămba mukul bicara | aja kudu tulung | ing yuda bala Wêlănda | jêng pangeran pan uwis kêlar pribadi | angrêbutanah[1] Jawa || |
41.002 | yèn wis kanthi ing Sampang Dipati | Surabaya amukul ing Jawa | wus agêdhe dandanane | pasthi pasisir mirut | măngsa wani nglawan ing jurit | makatên amba mojar | dhumatêng kumêndur | dadosa pangampang-ampang | yèn Kumpêni nênuhun sajroning jangji | pangeran [[f. 167v]] suka myarsa || |
187–188 dari 323
1 | angrêbut tanah (Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 24.1.10; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 137.1.10). (kembali) |