Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
40–41 dari 59
188 dari 323
1.871–1.880 dari 3.223
40.044 | jêng pangeran lêgêg aris angandika | ya sun turut sirèki | nging sira dutaa | mring Sampang aturira | kaya aturmu ing kami | mring ramanira | ing Sampang Adipati || |
40.045 | nêmbah matur Mas Răngga inggih sandika | pun adipati kalih | arinta Madura | Surabaya minăngka | kabêsaraning prakawis | kinarya angkah | ing Kumpêni tur manis || |
41. Dhandhanggula | |
41.001 | yèn Kumpêni amaliha kapti | manawi ta cinorok ingêbang | saking ing Kartasurane | têmah melik ing sanggup | iwah dhatêng paduka gusti | ămba mukul bicara | aja kudu tulung | ing yuda bala Wêlănda | jêng pangeran pan uwis kêlar pribadi | angrêbutanah[1] Jawa || |
41.002 | yèn wis kanthi ing Sampang Dipati | Surabaya amukul ing Jawa | wus agêdhe dandanane | pasthi pasisir mirut | măngsa wani nglawan ing jurit | makatên amba mojar | dhumatêng kumêndur | dadosa pangampang-ampang | yèn Kumpêni nênuhun sajroning jangji | pangeran [[f. 167v]] suka myarsa || |
41.003 | gya rinangkul Mas Răngga Sêmawis | pangran ngandika dhuh sutaningwang | ingsun têka nurut bae | kaki maring karsamu | salir ikang prakara kaki | ingsun ora uninga | mring Kumpêni iku | ngamungna sira Mas Răngga | tur sandika inggih kapanggihèng dasih | sakathahing bicara || |
41.004 | saking Pudhakpayung budhal aglis | Mas Răngga wus duta mantrinira | kinèn dhingini lampahe | mring praja asung wêruh | maring Kênol yèn pangran prapti | Kumpêni gya sawega | sakèhing dragundur | baris anèng Paterongan | wolung dasa Kapitan Kênol nindhihi | kawarna jêng pangeran || |
41.005 | lampahira praptèng Jatingalih | rarêmbatan kinèn rumuhuna | lan rêrepot sakathahe | pawèstrèn ingkang laju | para rabi praptèng Sêmawis | lènte grahaning putra | myang rabining wadu | sira Dêmang Tanpanaha | kang angirid lawan Dêmang Sawunggaling | mring dalême Mas Răngga || |
41.006 | jêng pangeran lampahira prapti | Paterongan pagya[2] lan Kapitan | Kênol agya atur tabe | gya ingaturan gupuh | pangran minggah ing rata rukmi | lumirig maring praja | tambure gumuruh | sapraptanirèng Sêmarang | gumarudug sanjatane wong [[f. 168r]] Kumpêni | maryêmuni[3] sauran || |
41.007 | bêrondonganira wanti-wanti | Kodhokngorèknya Ki Răngga ngangkang | ting jalêgur Carabalèn | ya ta pangeran rawuh | têdhak saking rata mring loji | astanira sinăngga | mring kapitan mangsuk | mring gêdhong tata alênggah | anèng kursi Kênol matur ngasih-asih | ămba lir manggih rêtna || |
41.008 | prapta tuwan ing nagri Samawis | abdi dalêm Kumpêni sadaya | kalangkung-langkung sukane | lir manggih masagunung[4] | karungrungan lir puwun aking | ing mangkya kajawahan | sêmine angrêmbyung | lir mina rawa kasatan | mangkya kasrambahan ing tirta awêning | asrêpe ikang manah || |
188 dari 323
1 | angrêbut tanah (Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 24.1.10; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 137.1.10). (kembali) |
2 | panggya. Bandingkan: panggih (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 137.6.2). (kembali) |
3 | maryêm muni. (kembali) |
4 | mas sagunung. (kembali) |