Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
41 dari 59
188–189 dari 323
1.879–1.888 dari 3.223
41.007 bêrondonganira wanti-wanti | Kodhokngorèknya Ki Răngga ngangkang | ting jalêgur Carabalèn | ya ta pangeran rawuh | têdhak saking rata mring loji | astanira sinăngga | mring kapitan mangsuk | mring gêdhong tata alênggah | anèng kursi Kênol matur ngasih-asih | ămba lir manggih rêtna ||
41.008 prapta tuwan ing nagri Samawis | abdi dalêm Kumpêni sadaya | kalangkung-langkung sukane | lir manggih masagunung[1] | karungrungan lir puwun aking | ing mangkya kajawahan | sêmine angrêmbyung | lir mina rawa kasatan | mangkya kasrambahan ing tirta awêning | asrêpe ikang manah ||
41.009 jêng pangeran manthuk trima kasih | Mas Răngga majêng sandhing Kapitan | Kênol aris ing wuwuse | dhuh sampun dangu-dangu | jêng pangeran anèng jro loji | sayah mêntas lêlampah | aturana kondur | dening sakèhing bicara | hèh kapitan iya kapanggihèng kami | ja susah mring pangeran ||
41.010 jêng pangeran kondur saking loji | mring wismane Mas Răngga Kapitan | Kênol agya ngatêrake | tan adangu gya rawuh | ing wismane Mas Răngga nguni | wus gumingsir sabraya | saking wismanipun | samya pinarnah ing jaba [[f. 168v]: ja...ba] | sinêngkalan naga pêksa ngrasa wani |[2] lolose jêng pangeran ||
41.011 Mas Răngga wus duta mring Dipati | Sampang ikang dinuta wastanya | Ki Căndrapuspa lampahe | wus anumpak parau | kawarna kang samya nututi | wadya gung Kartasura | sadaya wus wangsul | mulih maring Kartasura | atur tiwas ing nata sagung bupati | dening tan katututan ||
41.012 palajênge mangsuk ing Sêmawis | pangran pinêthukakên ing marga | de pun Răngga Samarange | asru duka sang prabu | Sumabrata nêmbah tur uning | gusti têtiyang arga | akathah kang mudhun | samya lumakyèng ayuda | Wirawăngsa wastane têtindhih baris- | ipun sampun angrêda ||
41.013 timbalanira sri narapati | sapratêlon wong ing Kartasura | sira lurugêna age | wus mangkat kang tinuduh | ing ayuda wadana jawi | nahan Rahadyan Surya- | kusuma kang rawuh | Kartasura pinanjara | ing paseban gêdhong sarwi dèn sasabi | rajut ikang panjara ||
41.014 kawarnaa ikang anglurugi | karaman wus prapta campuh ing prang | nèng Wanglu rame atètèr | kasor kraman kacakup | Wirawăngsa sampun ngêmasi | mawur karining pêjah | ingêlud mring gunung | tinawan pawèstrinira | wusnya mundur mulih Kartasura [[f. 169r]: Kar...tasura] prapti | katur ing naranata ||
41.015 ya ta ikang kawarnaa malih | dutanira Mas Răngga Sêmarang | prapta ing Sampang lampahe | mring pangeran gya katur | tinimbalan maring ngarsa glis | duta nêmbah atur srat | tinampan agupuh | winaosinuksmèng[3] driya | wus kadhadha samutatdane kang tulis | pangran suka ngandika ||
41.016 sigra kèn animbali prajurit | wus angadêgakên barisira | karya tăndha pambalike | nahan ingkang winuwus | ki tumênggung ing Surawèsthi | Jangrana mit ing nata | kalilan agupuh | budhal saha balanira | tarka nata dadi tampinganing jurit | tan nyana ngandhut wisa ||
188–189 dari 323

 


mas sagunung. (kembali)
Tanggal: naga pêksa ngrasa wani (AJ 1628). Tahun AJ 1628 jatuh antara tanggal Masehi: 6 Mei 1704 sampai dengan 25 April 1705. Bandingkan: naga kalih mayang jalmi (AJ 1628) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 137.10.9). Sangkala ini mengacu pada tibanya Pangeran Puger di Semarang dan diterimanya ia secara resmi oleh pihak VOC, menjelang dimulainya perebutan tahta. (kembali)
winaos sinuksmèng. (kembali)