Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
42–43 dari 59
198–199 dari 323
1.974–1.983 dari 3.223
42.027 Banyakwidhe barisira | tigang èwu winatawis | lan Pangeran Surabaya | wong Têgal têngara nitir | miyos têmpuhing jurit | wong Têgal samya anggêrgut | tadhah wadyèng Banyumas | arame campuhing jurit | swaraning kang sanjata lir ruging arga ||
42.028 saksana Lutnan Jahisman | Kumpêninira dèn irid | anggitikang[1] dadi dhadha | tinadhahan wong Kumpêni | angêdrèl wanti-wanti | suraking wadya gumuruh | awor tambur wurahan | Wiranêgara nulya glis | lawan Rêksanagara nabêt angiwa ||
42.029 dhadhal [[f. 180r]: dhadha...l] wadya ing Banyumas | tan ana tahan ing mimis | punggawane wus lumalya | tinilar ing bala ngisis | akèh ikangêmasi[2] | kang gêsang samya sumawur | tan amăngga puliha | sasaran arêbut urip | agya Wiranagara mundur sawadya ||
43. Durma
43.001 nahan ganti kawarna wong Kartasura | kang samya anuguri | nagara ing Dêmak | Arya Mandurarêja | Tumênggung Wirasastrèki | lan Wirawăngsa | wus amiyarsa warti ||
43.002 yèn wong Sampang anglurugi nagri Dêmak | lawan wong Surawèsthi | têtindhihing yuda | aran Panji Lamongan | dening têtindhihing baris | wadya Madura | Jangkewuh lan Jangpati ||
43.003 putra Sampang Rahadèn Suradiningrat | lan Dyan Dêmang Walandi | Kênol kang lumakya | anging mêdalautan[3] | angirid bala Kumpêni | kawula Dêmak | ngalun-alun abaris ||
43.004 ikang mapag mungsuh kang mêdalautan | Tumênggung Dêmak katri | Kya Wiranagara | lawan Padmanagara | Tumênggung Suranatèki | sawadyanira | anadhahi Kumpêni [[f. 180v]] ||
43.005 kang nadhahi Sampang lan wong Surabaya | wadya Kartasurèki | wusamya sawega | Kumpêni kawarnaa | palwanira wus angranjing | mêntas ing dharat | lajêng tumamèng nagri ||
43.006 wadyèng Dêmak wus tata sigra têngara | wruh yèn Wêlănda prapti | baris lêlumbungan | tambur muni gumêrah | alfèrèsira nindhihi | sareyanira | samya angapit-apit ||
43.007 kopralira angimpun ing ngarsa wuntat | Kapitan Kênol tindhih | nèng wuri wong Dêmak | mangsah anêmpuh rampak | Kumpêni tadhah ngêdrèli | lir ampak-ampak | pêtêng kukusing bêdhil ||
198–199 dari 323

 


anggitik kang. (kembali)
ikang ngêmasi (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
mêdal lautan (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 127.3.4; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 248.3.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 140.3.4). (kembali)