Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
43 dari 59
201–202 dari 323
2.008–2.017 dari 3.223
43.032 Natayuda anangis matur ing raka | lah suwawi gumingsir | pan dede sêsanggan | mêngsah saya kèh prapta | sampun karsaning Hyang Widi | ing Kartasura | pulunge wus angalih ||
43.033 pra jayaning ayuda tan ana pisan | lan sampun mratelani | apêsing nagara | mungsuh yèn ingsung sawang | rong uwong gênge kaaksi | Ki Mangkuyuda | myarsa aturing ari ||
43.034 ngingêr kuda mundur Pangeran Balitar | lumayu andhingini | baris Kêdhu dhadhal | ingêlud ing wong Sampang | kadya bajo angajawi | pambêrêgira | wong Kêdhu tan apulih ||
43.035 asasaran akèh kang mati ing marga | wanèh manjing wanadri | sayah mati jurang | ing Kaliwungu prapta | wong Sampang wong Surawèsthi | miwah [[f. 183r]] Wêlănda | kèndêl ing Kalitangi ||
43.036 palayune Mangkuyuda Natayuda | anjog Kêdhu kawarni | wong Kumpêni ikang | anèng nagri Tatêgal | wus budhal saking nagari | ing Pakalongan | Batang arsa ginitik ||
43.037 lan Tumênggung Wiranagara Tatêgal | Rêksanagara ngiring | wau lampahira | ing jajahane prapta | Pakalongan têpis iring | ing praja samya | gègèr kang dèn anciki ||
43.038 sampun katur dhatêng Radèn Nitiyuda | yèn mungsuh agêng prapti | myang Tumênggung Batang | Rahadèn Madurêtna | wus rêmbag lolos ing wêngi | dening miyarsa | kang baris Tugu ngisis ||
43.039 gêrawalan Nitiyuda Madurêtna | lolosaanak[1] rabi | kang sinêdya driya | anjog Kêdhu kewala | kawarnaa wong Kumpêni | manjing ing kitha | lan Tumênggung Tatêgil ||
43.040 atanapi kitha Batang linêbêtan | samya kapanggih sêpi | ya ta kawarnaa | wong Sampang mring ing Kêndhal | ingkang anèng Kalitangi | ngêlar jajahan | tundhukang[2] kanan kèri ||
43.041 pan wus mundur Kumpêni maring Sêmarang | samya atinggal mantri | kangêlar[3] tampingan | miwah kang anèng Dêmak | wusamya atinggal mantri | Kênol wus bubar | ing laut dèn wêdali [[f. 183v]] ||
201–202 dari 323

 


lolos saanak. (kembali)
tundhuk kang. (kembali)
kang ngêlar (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 127.43.3). (kembali)