Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5–6 dari 59
17–18 dari 323
167–176 dari 3.223
05.016 wong Bagêlèn saya kèh kang prapti | gêgunung desa samaptèng yuda | sampun andadi barise | gya budhal sang aprabu | lampahira prapta ing Nitik | nahan wong Kartasura [[f. 18v]: Kar...tasura] | têlikira rawuh | matur ing Wirawidigda | lamun wontên gêgaman agêng kang prapti | arsa nanggulang yuda ||
05.017 Susuhunan Ngalaga nindhihi | Wirawidigda bubar sakala | gêtêr sawadya kancane | wadya Bagêlèn anglud | saparane binuru wani | praptèng tanah Mataram | sinrêg sru binujung | Wirawidigda lumalya | praptèng Pokak kandhêg samya tata baris | sakancane prayêtna ||
05.018 kawarnaa kang praptèng Matawis | Natèng Ngalaga samadya căndra | wong Mataram tarub manèh | sang nata angadhatun | ingkang dadya tindhihing baris | Pangran Arya Panular | têtungguling wadu | lawan Radèn Natabrata | lagi prapta Pangran Pamênang pan maksih | kari anèng Salinga ||
05.019 arsa jinungjung[1] jumênêng aji | mring Ki Namrud Pangeran Pamênang | mila anut sakarsane | kawarnaa Sang Prabu | Natèng Nglaga budhal tumuli | saking praja Mataram | saha wadya umung | arsa nglanggar Kartasura | cucuking prang pan sampun lumampah dhingin | Ki Arya Tambakbaya ||
05.020 lawan Ki Arya Surajayèki | katêrajang kang baris ing Pokak | dhadhal asru palayune | wadya Kalagan anglud | palayune wong Kartawani | nèng Drêsanan sakêdhap | kuntal mring Dêlanggu | binanjêl malih lumalya | praptèng Sanggung lajêng umanjing nêgari | sakèh wong Kartasura ||
05.021 wong Kalagan tata dènnya baris | anèng Sanggung sampun angsal manah | wong padesan mirut kabèh | prapta samya sêsuguh | lajêng tumut apacak baris [[f. 19r]: bari...s] | angêpung Kartasura | tan ana kang mêtu | ya ta wau kawuwusa | Naradipa Mêngkurat miyos tinangkil | kang wira yodha akram ||
05.022 dipatyanung andhèr ing ngarsa ji | sira Amral anèng ngêngiringan | pra pêsiran nèng wurine | Radyan Nrangkusumèku | ingandikan maring ngarsa ji | prapta ngarsa manguswa | ngandika sang prabu | ngêndi barise adhimas | radèn patih umatur saha wotsari | dhuh ari padukendra ||
05.023 wontên Sanggung gènipun abaris | pangajênge mèh anggêpok praja | saba piji pacalange | nagri dalêm kinêpung | rayi dalêm baris ing ngarsi | Pangran Arya Panular | têtindhihing laku | sang nata ris angandika | undhangana ingsun arsa anindaki | ing yudane adhimas ||
05.024 sigra têngara radèn apatih | bêndhe bèri umyang asauran | tambur gumuruh swarane | samya sayagèng[2] pupuh | agêng alit sagung prajurit | myang Kumpêni sadhiya | sira sang aprabu | sampun samapta ing yuda | andhèr anèng ngarsa sakèhing prajurit | mundur sagung biyada ||
6. Durma
06.001 tinêtêgan budhal sakèhing gêgaman | lir robing kang jaladri | busananing wadya | tinon lir arga sêkar | barisira wong Kumpêni | alêlumbungan | ngarsa Makasar Bugis ||
17–18 dari 323

 


jinunjung (dan di tempat lain). (kembali)
siyagèng (dan di tempat lain). (kembali)