Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5–6 dari 59
18–19 dari 323
172–181 dari 3.223
05.021 wong Kalagan tata dènnya baris | anèng Sanggung sampun angsal manah | wong padesan mirut kabèh | prapta samya sêsuguh | lajêng tumut apacak baris [[f. 19r]: bari...s] | angêpung Kartasura | tan ana kang mêtu | ya ta wau kawuwusa | Naradipa Mêngkurat miyos tinangkil | kang wira yodha akram ||
05.022 dipatyanung andhèr ing ngarsa ji | sira Amral anèng ngêngiringan | pra pêsiran nèng wurine | Radyan Nrangkusumèku | ingandikan maring ngarsa ji | prapta ngarsa manguswa | ngandika sang prabu | ngêndi barise adhimas | radèn patih umatur saha wotsari | dhuh ari padukendra ||
05.023 wontên Sanggung gènipun abaris | pangajênge mèh anggêpok praja | saba piji pacalange | nagri dalêm kinêpung | rayi dalêm baris ing ngarsi | Pangran Arya Panular | têtindhihing laku | sang nata ris angandika | undhangana ingsun arsa anindaki | ing yudane adhimas ||
05.024 sigra têngara radèn apatih | bêndhe bèri umyang asauran | tambur gumuruh swarane | samya sayagèng[1] pupuh | agêng alit sagung prajurit | myang Kumpêni sadhiya | sira sang aprabu | sampun samapta ing yuda | andhèr anèng ngarsa sakèhing prajurit | mundur sagung biyada ||
6. Durma
06.001 tinêtêgan budhal sakèhing gêgaman | lir robing kang jaladri | busananing wadya | tinon lir arga sêkar | barisira wong Kumpêni | alêlumbungan | ngarsa Makasar Bugis ||
06.002 pangawate pasisir kabèh mangiwa | têngên măncanêgari | wong ing Kartasura | rumêksèng wuri nata | ing dhadha bala Kumpêni | ing Jabung prapta | ayun-ayunan [[f. 19v]: ayun-a...yunan] jurit ||
06.003 sigra mangsah wadya prawira Kalagan | tadhah wong Kartawani | rame campuhing prang | apanggih padha sura | pangêdrèle wong Kumpêni | lir ruging arga | lir udan drêsing mimis ||
06.004 abendrongan gurnate lawan gurnada | mariyêm gutuk api | tiktak kalantaka | kadya gêlap sanambang | swaraning sanjata muni | awor lan surak | lir obah kang pratiwi ||
06.005 gya tumangkêb pasisir măncanêgara | saking kanan lan kèri | pan ingamuk bubar | marang wadya Kalagan | angungsi baris Kumpêni | Prabu Mêngkurat | duka arsa ngawaki ||
06.006 Kyai Bicak tinabuh muni angangkang | mangsah sagung prajurit | sêdya ngantêp ing prang | gêlar anyupit urang | ing dhadha wadya Kumpêni | sungut Makasar | bêbau wong pasisir ||
18–19 dari 323

 


siyagèng (dan di tempat lain). (kembali)