Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
10 dari 59
32–33 dari 323
318–327 dari 3.223
10.009 Sultan Carêbon manawa | ingusenan[1] kawawa angukuhi | Ki Untung kalangkung rêmbug | dalu gènira budhal | ngidul ngetan arahe anjog Cianjur | wong kawan dasa tan pisah | nahan gantia winarni ||
10.010 Kumpêni saundurira | dènira prang dalu angati-ati | sangkêp ingkang baris tugur | sajroning pintu bêsar | mriyêm tiktak pinasang madhêp ing pintu | ing dalu datan kawarna | ya ta kawarnaa enjing ||
10.011 tambur gumuruh sauran | pan kinêrig sagung wong sa-Batawi | budhal ing marga sêk pênuh | wadya awarna-warna | praptèng bètèng alang-alang manggih suwung | Amral amatah kapitan | ikang kinèn anututi ||
10.012 lan wadya Kumpêni Islam | pra kapitan pêpitu kang tinuding | agya budhal lampahipun | gawa bala sanambang | Mayor Bantêr Kumpêni têtindhihipun | ngidul ngetan nut salasah | samarga angati-ati ||
10.013 ganti ikang kawarnaa | sira Untung sarewange lumaris | sapraptanira Cianjur | lajêng angalor ngetan | ing Carêbon ingkang sinêdya jinujug | tan winarna lampahira | Sultan Carêbon [[f. 31r]: Carêbo...n] winarni ||
10.014 darbe abdi kinasihan | wastanira Rahadèn Surapati | sultan sihira kalangkung | tansah ingêla-êla | ingapura anêrak larangan agung | mangkana Ki Surapatya | bêburu maring wanadri ||
10.015 bêkta wadya kajinêman | satus kèhe sikêp pêdhang lan tamsir | waos lêmbing lawan tulup | lumampah anèngarsa[2] | lampahira ing wanadri agya rawuh | arèrèn pinggiring marga | kang liwat prasamya ajrih ||
10.016 wadyane nèng kèri kanan | kawarnaa Ki Untung ikang prapti | Carêbon talatahipun | lumampah anèng wana | tan kêna sah lan rewange patang puluh | kawarnaa Surapatya | mulat ing wong ting kulicir ||
10.017 kang dèn iring rare pelag | Surapati asru mojar ing dasih | lah andhêgên kang lumaku | ingsun arsa têtanya | kang dèn iring undangên mring ngarsaningsun | kang kinèn agya lumampah | angundang ingkang lumaris ||
10.018 hèh bagus dika ngandikan | maring Radèn Surapatyarsa panggih | Ki Untung sigra lumaku | prapta ing ngarsanira | Surapati sarewangira Ki Untung | nèng wuri sami alênggah | Ki Surapati ling aris ||
32–33 dari 323

 


ingungsenan. (kembali)
anèng ngarsa (dan di tempat lain). (kembali)