Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
30 dari 59
139–140 dari 323
1.385–1.394 dari 3.223
30.021 praptèng Kapugêran aglis | wadya baris anèng marga | pangeran kalih maring jro | wus panggih kalawan raka | ya ta kang para gêrwa | wus dangdan mangkat malêbu | sêdya tur uningèng nata ||
30.022 anarka yèn dadi jurit | lawan wadya Kasindurjan | Dyan Ayu Pugêr lampahe | gupuh adharat kewala | datan kawarnèng marga | praptèng pura lajêng mangsuk | sang nata nèng Prabayasa ||
30.023 kampita sri narapati | aglis dènira anapa | kadingarène bok ipe | maring pura awan-awan | baya na karsanira | atawa lamun ingutus | yayi maring lakinira [[f. 124r]: lakini...ra] ||
30.024 dyan ayu matur ngabêkti | ing purwa madya wasana | katur sadaya ing katong | solah prakaraning raka | kagyat atêbah jaja | sang nata sarwi angadhuh | tan kayaa yayi êmas ||
30.025 lagi tumon mung si adhi | iki ujaring bêbasan | wong kolu maring awake | iya sagalaking macan | nora kolu mring anak | sang nata angandika sru | hèh wong Gandhèk dhawuhana ||
30.026 konên animbali aglis | sarupaning pra dipatya | caraka umêsat age | ting balêbêr Gandhèk samya | nimbali pra punggawa | saha bala pratiwa nung | otêr wong sa-Kartasura ||
30.027 pratiwa măncanagari | awisma ing Kartasura | myang pasisir prawarane | ya ta Rahadèn Sindurja | myarsa gumyahing warta | otêring wadya gumuruh | wus atas marganing warta ||
30.028 agya samya ngrakit baris | wadyabala Kasindurjan | supe yèn ngabdi ing katong | saking wratrêsna[1] ing putra | Radèn Sukra sawega | Bugise wong pitung puluh | koprale aran Rosansah ||
30.029 pun Janulèn kang satunggil | baris anèng palataran | pitung puluh sradadune | dening wadya Kasindurjan | baris anèng paseban | santana kaparak mangsuk | ran Dêmang Suradêksana ||
30.030 lawan Citramênggalèki | katiga [[f. 124v]] pun Surajaya | katri mangrêpa ature | dhuh radèn sampun mangkana | emuta yèn ngawula | Radèn Sindurja sru wibuh[2] | tan angling kawratan trêsna ||
139–140 dari 323

 


wrat trêsna. (kembali)
wimbuh (dan di tempat lain). (kembali)