Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
35 dari 59
164–165 dari 323
1.637–1.646 dari 3.223
35.006 saha kinulawisuddha | tur jinungjung santana sinung linggih | cacah sèwu tigang atus [[f. 145v]: a...tus] | sarta sinungan aran | Jayaningrat Tumênggung jêjulukipun | kagêga saaturira | ingapura dosa pati ||
35.007 sang nata malih ngandika | hèh Tumênggung Sumabrata sirèki | awèha wêruh Kumêndur | Hindrikansah Japara | lan Kapitan Kênol Sêmarang ja kantun | warahên yèn rama seda | ingsun kang jumênêng aji ||
35.008 kang jaga loji Sêmarang | ran Kapitan Kênol pan durung salin | dimène suratku banjur | marang ing Batawiyah | ya Si Kênol ikang nglantasna ing besuk | Sumabrata tur sandika | amatah kaliwon jawi ||
35.009 amundhi surating nata | lèngsèr saking ngarsa angirid mantri | sang nata anulya kondur | ginarêbêg biyada | praptèng pura sang nata nimbali gupuh | mring Apatih Sumabrata | sapraptanira jro puri ||
35.010 ngandikan ingarsa nata | nêmbah majêng sang nata ngandika ris | hèh bapa sira sun tantun | pan jênêng ingsun nata | sapa ikang dadi sêsukêring kalbu | tuwin wong atuwaningwang | êndi ikang malanjêri ||
35.011 umatur Ki Sumabrata | datan wontên ingkang karasèng ati | amung satunggal pukulun | ikang mangkêl ing driya | ămba ajrih amastanana puniku | mèsêm sang nata wus duga | tan ana liyane maning [[f. 146r]] ||
35.012 mung paman Pugêr kang dadya | malanjêri nanging ewuh ing ati | anake maksih sun wêngku | anèng jro sun watara | kaya nora kalakon salah maring sun | Ki Apatih Sumabrata | manêmbah umatur aris ||
35.013 manawi rama paduka | lilèng sunu amrih rêbat nêgari | bêbantêning putranipun | yèn dinamêl pangulah | sandi guna upaya dènnya mrih tungkul | luwanging rêbat kawiryan | tan mulat putra satunggil ||
35.014 dilalah karsaning Suksma | naradipa ing galihira gampil | Ki Sumabrata wus mêtu | sêmana naranata | ikang gêrwa winêdalakên agupuh | putri saking Kapugêran | wus karsaning Hyang tan gingsir ||
35.015 tan emut ingkang wawêkas | sira ikang swarga dyan ayu mulih | Kapugraning ramanipun | antara pitung dina | lan sedane kang swarga kang mangka Ratu | Kancara gêrwa narendra | sinêmbah ing wong sapuri ||
164–165 dari 323