Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 59
182–183 dari 323
1.818–1.827 dari 3.223
39.022 obra samya binusanan | sangkêlat abang lan kuning | ijo biru lan mêmegan | baludru myang sorah sari | leja kastop trasuwi | akathah kang sondhèr pêlung | dragêm lan podhang-podhang | cacêlêpan myang kumitir | para putra sondhèr rangrangan toyamas ||
39.023 wus tatane wong Madura | ing kuna lamun ajurit | tan lali asêsondheran | tatêngêring para mantri | sadaya udhêng gilig | pangeran salaminipun | sayaga ing ayuda | pan ora kadya ing mangkin | winutahkên barana dalêm sinêbar ||
39.024 sadina-dina angajar | solah jayaning ajurit | ing alun-alun gumêrah | wadya bênthak ulah [[f. 162v]] lêmbing | wanèh pêdhang lan tamsir | towok pasêr ulah tulup | sèwu Saragêninya | ingajar brondongan sami | pan kajawi Saragnine para putra ||
39.025 nêngêna kang ajar-ajar | angunggar suraning dasih | kawarnaa Jêng Pangeran | Pugêr ikang mong prakawis | tan angsal dhahar guling | yèn dalu anggung anêkung | nanêdha ing Pangeran | maladi samadi êning | nêgês karsa dènnyarsa umadêg nata ||
39.026 wus angsal sasmitaning Hyang | kalilan umadêg aji | amêngku ratanah[1] Jawa | nahan gantia winarni | Dyan Suryakusumèki | pan sampun kêna ingapus | kacêpêng ing Losêkar | sawetaning Budhur nguni | Arya Banyakwidhe ikang amisaya ||
39.027 binakta mring Kartasura | rahadèn dèn bêrojongi[2] | wongira padha binănda | misuwur saking nêgari | Pangeran Pugêr myarsi | lamun kang putra kapikut | binêkta manjing praja | Banyakwidhe kang angirid | gya pangeran angundhangi wadyabala ||
39.028 sakèhing para lêlurah | adandan pating bathithit | kapêdhak lan panakawan | sadaya sami arakit | gamêl padharan rakit | ya ta kawarna ing dalu | pukul kalih wayahnya [[f. 163r]] | usrêk wadya ting kalêsik | para putra gugup lagya ingandikan ||
39.029 andhèr ngarsane kang rama | sêlire tan ana kari | ana anyêkêli kuda | gamêle dèn pêpikuli | ana ngêmban bêbayi | sarwi anggendholi sabuk | wanèh anuntun gêrwa | kasusu lolos ing wêngi | jêng Pangeran Pugêr anulya tumêdhak ||
39.030 margèng lawang bêbutulan | ngalèr ngilèn lampahnya ris | kagyat ikang kamarganan | grubuge anyalawadi | kiwa têngên wus uning | pangeran lolos ing dalu | sigra tur uning Patya | Sumabrata manjing puri | wong jro pura kagyat mulat ing ki patya ||
39.031 anarka yèn ana karya | agya winênganan kori | Sumabrata manjing pura | wadana jêro kang kêmit | pinaran wus apanggih | lan Sumabrata arêmbug | arsa mungu sang nata | glis winungu sri bupati | gya tumêdhak mundur sakathahing wadya ||
182–183 dari 323

 


rat tanah (dan di tempat lain). (kembali)
bêronjongi (Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 21.32.2). Bandingkan: baronjongi (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 239.24.2). (kembali)