Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
71–72 dari 170
343–344 dari 856
3.426–3.435 dari 8.560
071.020 marang Nyai Wirarêja aris | lah gawanên maring wismanira | sira ulaha awake | yèn besuk mangsanipun | èstri iki sêdhêng birai | anuli lêbokêna | sigra awotsantun | Wirarêja nulya mêdal | sang dyah rara pan sampun binêkta mulih | maring Kawirarêjan ||
071.021 tan kawarna ing alami-lami | kawarnaa Sri Nata Mataram | animbali mring putrane | undangên putranisun | Ki Dipati Anom dèn aglis | kang kinèn sigra mintar | lampahe wus rawuh | cundhuk mring kanjêng pangeran | sigra matur utusan anênimbali | paduka ingandikan ||
071.022 jêng pangeran adipati gipih | wus akampuh anulya lumampah | miyos butulan lampahe | tan dangu nulya cundhuk | lan kang rama rajèng Matawis | jêng pangeran anêmbah | sumukêm ing suku | anèng lêbu talapakan | sawungune nulya mundur awotsari | gènnya lênggah mangrêpa ||
071.023 kanjêng pangran kalakung gènnya jrih | mring kang rama manêngkung mangula[1] | tan mèmpêr putra ajrihe | sakathahe kang dulu | wong jro pura angrês ningali | agêpe[2] jêng pangeran | kalakung jrihipun | tan layak akuhing putra | sri narendra [[f. 309v]: na...rendra] kang putra tansah liniring | kadya mijil kang waspa ||
72. Mijil
[Pangéran adipati anom kasmaran dhumateng putri Mangunjaya, sesengkeranipun ingkang rama. Pangéran Surabaya sedya labuh pati nglabuhi wayahipun.[3]]
072.001 angandika Sang Nata Mêtawis | lah ta putraningong | sun tingali sira wus agêdhe | wus sêdhênge sira mawi krami | apan karsa mami | akramaa kulup ||
072.002 isun thole olèh tingal bêcik | putri ing Carêbon | aprayoga iya ing warnane | lan maninge putraning dipati | amêngku nêgari | padha trahing ratu ||
072.003 lamun sira panuju ing ati | marang tuduh ingong | tingalana sang putri warnane | lah mintara mring wisma dipati | Carêbon nak mami | mangkata tumutur ||
072.004 ikang putra sigra awotsari | gènnya mundur alon | jêng pangeran ambanjur lampahe | tan kawarna ing marga wus prapti | wismane dipati | pangran wus têtêmu ||
072.005 Pangeran Carêbon wus andugi | atampi pasêmon | yèn Pangeran Dipati praptane | mring Carêbon nêgih[4] nênontoni | mring atmajanèki | Sang Dipati gupuh ||
072.006 ngandikan marak sang rajaputri | ayunira kaot | lampahira pan rada ginawe | sêndrang-sêndrang tinon asung brangti | wadane sawiji | sêmu wani kakung ||
343–344 dari 856

 


mangwula (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 4.23.2). Bandingkan: mangrêpa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 85.32.2). (kembali)
anggêpe (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.345, Pupuh 71.23.6). Bandingkan: pangrêpane (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 85.32.6; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 35.32.6); têkonipun (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 4.23.6). (kembali)
Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.346. (kembali)
nênggih (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.346, Pupuh 72.5.4). (kembali)