Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
74 dari 170
352–353 dari 856
3.513–3.522 dari 8.560
074.011 | nanging Pangeran Dipatya | kalakung kewran ing galih | dening ta maksih kang rama | jumênêng anèng Matawis | paran ta gon angêndhih | marang rama sang aprabu | mandah loke nèng jagat | ratu sabrang angèsêmi | dening mêngsah bapa lawan kang sudarma || |
074.012 | Pangran Dipati Mataram | apan tansah angulari | ikang kinarya wêrana | wong kang prawira asêkti | kira ikang kuwawi | angrêbat nagri Matarum | nanging ta dèrèng asal | kang karaos dados galih | miwitana iya kang nênêlukêna || |
074.013 | pangran amicarèng nala | tanna prayogane malih | liyane eyang Kajoran | sun karyane aling-aling | dening prakosa sêkti | lawan tapane wus gêntur | iya eyang Kajoran | isun wêtara kuwawi | ambêdhaha maring nagara Mataram || |
074.014 | Dipati Anom ngandika | apan kinèn animbali | lêlurahira têtiga | ikang aran Kyai Sêndhi | Pranantaka sawiji [[f. 315r]] | Andangkara sisihipun | wus prapta ing ngayunan | ngandika Pangran Dipati | marenea dèn padha kaparèng ngarsa || |
074.015 | dèn bisa sira ngong duta | aturêna surat mami | marang eyang ing Kajoran | poma sira isun wêling | iya dèn kon dang iki | matura sun duwe rêmbug | mring eyang ing Kajoran | apranata atur bêkti | Andakara[1] sampun anampani surat || |
074.016 | kalihnya atur pranata | lumèsèr ngarsaning gusti | lampahira gêgancangan | kalakung gènnya adhêmit | tan kawarna ing margi | ing Kajoran sampun rawuh | sira Ki Pranantaka | lan sampun akitun[2] wêling | dhatêng wau panêmbahan ing Kajoran || |
074.017 | kalamun wontên kang duta | Pangran Dipati Matawis | apan saha amawi surat |[3] Pangran Kajoran agipih | têdhak dènnya aligih | karsa manggihi têtêmu | pan sampun tinimbalan | lumêbêt kang duta kalih | pan ingawe kinèn dèn kaparèng ngarsa || |
074.018 | sampunnya lênggah atata | Andakara aturnya ris | gih lampah amba punika | dinuta ing kajêng gusti | Jêng Pangeran Dipati | kinèn marak sang aulun | ngaturakên nawala | Pangran Kajoran nampani | wus tinampan kang punang surat binuka || |
074.019 | sinukmèng sajro wardaya | pèngêt bêbukaning tulis | ikang sêrat jêng pangeran | Dipati Anom Matawis | kaatura pun kaki | Kajoran ikang linuwung | sampun kadya sapunika |[4] pun eyang kula [[f. 315v]: ku...la] aturi | pinaraka dhatêng kitha ing Mataram || |
074.020 | saking èmênge kang manah | pema eyang dèn lumaris | botên watên ikang yogya | amadhangêna kang galih | liya saking pun kaki | kang yogya jujung maringsun | gih pun eyang Kajoran | ikang yogya sun tangisi | sasampune wau gènnya maca surat || |
352–353 dari 856
1 | Andangkara (dan di tempat lain) (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.15.9). (kembali) |
2 | akintun (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.354, Pupuh 74.16.8). Bandingkan: kintun (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.16.8). (kembali) |
3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: apan mawi bêkta sêrat (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.17.3); saha amundhi nawala (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 96.15.3). (kembali) |
4 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sampun kadya punika (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.19.7); sampuning sapunika (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 96.17.6). (kembali) |