Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
102 dari 170
467 dari 856
4.661–4.670 dari 8.560
102.013 tan kawarna Natèng Kartawani | kang anahên ruwarèng ing driya | Salinga kawarna manèh | Natèng Ngalaga nglalu | Raja Namrud ikang nanggupi | bêdhahe Kartasura | ing samangsanipun | marmane binapa-bapa | Raja Namrud tinariman èstri luwih | sêntana naking-sanak ||
102.014 duk ingajak amagut ing jurit | Raja Namrud tansah năngga krama | nora nana wêkasane | dadya kaku tyasipun | Natèng Nglaga sinagèng[1] krami | nanging Pangran [[f. 409r]: Pangra...n] Mamênang | sangêt aturipun | anak prabu dèn asabar | sampun age pênêd tinurut kariyin | pun Namrud aprawira ||
102.015 Natèng Nglaga wus puwas kang galih | nulya bubar sakawulawarga | dhatêng Bagêlèn jujuge | lajêng angirup-irup | wong padesan anata baris | Ki Arya Tambakbaya | kang kinarya tugul | senapatining ayuda | akalihan Ki Arya Surajayèki | katri Ki Suraguna ||
102.016 wong Bagêlèn akathah kang prapti | saha bêkta sagêgamaning prang | sampun andadi barise | nulya budhal sang prabu | lampahira prapta ing Nitik | nahan wong Kartasura | têlikira rawuh | matur ing Wirawidigda | nênggih wontên dêdamêl anyar kang prapti | arsa nagulang[2] ing prang ||
102.017 Jêng Susunan Ngalaga nindhihi | Wirawidigda bubar sakala | sakănca wadyabalane | wadya Bagêlèn anglud | saparane saya ingusir | prapta tanah Mataram | sinêrod binujung | Tumênggung Wirawidigda | praptèng Pokak kandhêg anata kang baris | sakancane wêdana ||
102.018 kawarnaa kang praptèng Matawis | Prabu Ngalaga samadya căndra | wong Mataram tarub manèh | Pangran Panulyar[3] wau | kang kinarya têtindhih malih | lan Radèn Natabrata | nanging lagi rawuh | dening Pangeran Mamênang | taksih kari anèng Salinga abaris | Ki Namrud rowangira ||
102.019 malah arsa jinujung nrêpati | mring Ki Namrud Pangeran Mamênang [[f. 409v]: Mamê...nang] | mila nurut sakarsane | nahan ikang winuwus | Jêng Suhunan Ngalaga aglis | budhal saking Mataram | saha wadya umung | arsa nglagar Kartasura | barisira cucuking prang wus atêbih | sirarya Tambakbaya ||
102.020 lawan Ki Arya Surajèyèki[4] | tinarajang kang baris ing Pokak | dhadhal sumyur larut kabèh | wadya Kalagan anglud | dèn bêbujung Drêsanan prapti | binanjêl malih budhal | prapta ing Dilanggu[5] | maksih binujung lumayya | prapta Sanggung nulya malêbêt nagari | gamaning Kartasura ||
102.021 wong Kalagan anèng Sanggung baris | tan mêtoni wadya Kartasura | wong desa wus mirut kabèh | samya prapta sêsuguh | akèh lajêng tumut abaris | kinêpung Kartasura | gantyaa kawuwus | sri nata ing Kartasura | kang Mêngkungrat[6] sêmana miyos tinangkil | Ki Wirayodha akram ||
102.022 pra dipatya nung-anung ing ngarsi | sira amral andhèr ing ngiringan | pra pêsir anèng wurine | Radèn Nrangkusumèku | ingandikan marêk ing ngarsi | majêng saha mangrêpa | manêmbah andhêku | naranata ris ngandika | lah ing ngêndi arimas gone abaris | matur radèn apatya ||
467 dari 856

 


sinanggèng (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.65, Pupuh 102.14.5). (kembali)
nanggulang (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.65, Pupuh 102.16.10; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 5.16.10). (kembali)
Panular (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 108.17.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 35.18.4). (kembali)
Surajayèki (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.66, Pupuh 102.20.1; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 5.20.1). (kembali)
Dêlanggu (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 5.20.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 125.20.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 183.17.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 35.20.7). (kembali)
Mêngkurat (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 5.21.9). (kembali)