Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
109 dari 170
489–490 dari 856
4.885–4.894 dari 8.560
109.007 | wus amukti awibawa | gêgamanira andadi | kang abaris Kali Jirak | Tumênggung Toyamas nênggih | apan sampun ginitik | Bul Jaladriya kang magut | tumênggung ing Toyamas | risak wonge akèh mati | tan kuwawi ki tumênggung wus lumayya || |
109.008 | lajêng dhatêng Kartasura | sêdyane atur upêksi | datan kawarna ing marga | ing Kartasura wus prapti | katur sri narapati | aturipun ki tumênggung | yèn nagri ing Toyamas | wontên wong umadêg aji | aprakosa kêraman wus madêg nata || |
109.009 | Prabu Mêngkurat sru duka | nêhêr kinèn anglurugi | ikang tinuduh ing karya | sira rahadèn apatih | ya ta ikang winarni | Radèn Anrangkusumèku | ngundhangi asanega | ing wadya para prajurit | ingandikan sira Radèn Surapatya || |
109.010 | wus prapta ing ngarsanira | ngandika rahadèn patih | isun adhi arsa lunga | timbalane sri bupati | sun kinèn anglurugi | ing wong kang umadêg ratu | anèng tanah Toyamas | sira Radèn Surapati | tur pranata radèn kenginga punika || |
109.011 | sampun paduka tumindak | amunga pun Surapati | angrurah musuh karaman | kawula ikang nagupi | wuwuha musuh malih | sayêkti merang kalakung | yèn amba maksih gêsang | sampuna tindak pribadi | suka ing tyas rahadèn patih [[f. 427v]: pa...tih] ngandika || |
109.012 | yèn mêngkono karsanira | sun matur ing sri bupati | ri sampunira mêngkana | lumiyat rahadèn patih | prapta ing Srimanganti | wus katur dhatêng sang prabu | anulya tinimbalan | wus prapta ngarsa nrêpati | sigra matur Rahadyan Anrangkusuma || |
109.013 | gusti wontên palajêngan | saking nagri ing Batawi | pun Surapati mangaran | lumajêngipun angusi | dèn sikara Kumpêni | marma angusi pukulun | dening datanpa dosa | kinuya-kuya Kumpêni | nanging mangke sagah angrurah karaman || |
109.014 | ikang madhirèng Toyamas | punika sagah mêjahi | yèn suwawi rinojonga | ature pun Surapati | endah punapa gusti | yèn èstu pênêd kinukup | yèn awon gya binucal | sampun nyênyukêri galih | sri narendra alon dènira ngandika || |
109.015 | lah iya sakarsanira | măngsa bodhoa sirèki | pan isun pracaya sira | iya marang sira patih | suka ing tyas wotsari | wus mêdal saking kadhatun | sapraptanira jaba | panggih lan Ki Surapati | dhinawuhkên timbalanira sang nata || |
109.016 | kalilan kinèn umangkat | iya ing sadina mangkin | Ki Surapati sandika | kalakung suka ing galih | pan sampun dèn kanthèni | Tumênggung Toyamas wau | nêhêr sarêng umangkat | saking ngarsa radèn patih | sigra-sigra wus mêdal saking nêgara || |
489–490 dari 856