Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
109 dari 170
488–489 dari 856
4.879–4.888 dari 8.560
109. Sinom | |
[Untung Surapati saha wadyanipun saged numpes kraman ing Toyamas ingkang dipunpandhégani Saradenta lan Saradenti. Gurnadur jendral ing Betawi utusan kapitan Tak supados nyepeng Untung Surapati.[1]] | |
109.001 | ikang sinêdya ing driya | sira Radèn Surapati | umarêk rêkyana [[f. 426v]: rê...kyana] patya | Radèn Anrangkusumèki | lampahe sampun prapti | nênggih paregolanipun | sigra atur uninga | wau kang atêngga kori | lamun ana wong prapta arsa sawita || |
109.002 | sigra wau ingandikan | rahadyan rêkyana patih | Ki Surapati wus prapta | ing ngarsanira wotsari | sira rahadyan patih | rêsêping manah andulu | alon wijiling sabda | sira wong têka ing ngêndi | lamun iya lan sapa wêwanginira || |
109.003 | Ki Surapati tur sêmbah | tan emut sakaning alit | dening papa kawlasarsa | pêparab pun Surapati | sadya kawula ngabdi | dening gusti kang sinuhun | lawan malih kawula | punika angusi urip | dèn niaya kawula dening pun kopar || |
109.004 | igih mênawa sumêlang | ing galih sri narapati | upama badan kawula | tinêdha dhatêng Kumpêni | dados rune si kapir | dipun patêdhakna gupuh | nanging panuhun iwang | sagung abdi dalêm Jawi | sampun wontên kang tumut-tumut kewala || |
109.005 | dening Kumpêni punika | kapanggiha siyang latri | pan igih purun kawula | sagêndhinge ing ajurit | ya ta rahadèn patih | miyarsa suka ing kalbu | aris dènnya ngandika | lah iya aja kuwatir | pan manira kang matur sri naranata || |
109.006 | mêngkana Ki Surapatya | sinung pagenan tumuli | kalakung ingupasuba | ing radèn rêkyana patih | kinadang-kadang yêkti | ingandikan sabên dalu | gantya kang kawuwusa | sira Prabu [[f. 427r]] Saradênti | nênggih ikang madhirèng nagri Toyamas || |
109.007 | wus amukti awibawa | gêgamanira andadi | kang abaris Kali Jirak | Tumênggung Toyamas nênggih | apan sampun ginitik | Bul Jaladriya kang magut | tumênggung ing Toyamas | risak wonge akèh mati | tan kuwawi ki tumênggung wus lumayya || |
109.008 | lajêng dhatêng Kartasura | sêdyane atur upêksi | datan kawarna ing marga | ing Kartasura wus prapti | katur sri narapati | aturipun ki tumênggung | yèn nagri ing Toyamas | wontên wong umadêg aji | aprakosa kêraman wus madêg nata || |
109.009 | Prabu Mêngkurat sru duka | nêhêr kinèn anglurugi | ikang tinuduh ing karya | sira rahadèn apatih | ya ta ikang winarni | Radèn Anrangkusumèku | ngundhangi asanega | ing wadya para prajurit | ingandikan sira Radèn Surapatya || |
109.010 | wus prapta ing ngarsanira | ngandika rahadèn patih | isun adhi arsa lunga | timbalane sri bupati | sun kinèn anglurugi | ing wong kang umadêg ratu | anèng tanah Toyamas | sira Radèn Surapati | tur pranata radèn kenginga punika || |
488–489 dari 856
1 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.88. (kembali) |