Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
110 dari 170
502–503 dari 856
5.019–5.028 dari 8.560
110.067 | mugèng ngarsa pangamukira lir yaksa | sagung wadya Kumpêni | ambyuk sarêng mara | tadhah Ki Surapatya | miwah rahadèn apatih | sarêng umangsah | wadya galong mangukih || |
110.068 | Kapitan Tak sinasog ganjur tan pasah | winatang datan busik | sigra anarajang | Rahadèn Surapatya | Êtak kang dèn parêpêki | ginoco sigra | Êtak awanti-wanti [[f. 438v]: a...wanti-wanti] || |
110.069 | datan pasah malik pucuking curiga | dhuwung binucal aglis | Radèn Surapatya | salin dhuwung ping tiga | panuduke wanti-wanti | Kapitan Êtak | têguh datan gumisir || |
110.070 | upasira Kapitan Tak kalih dasa | tubus agêming jurit | ngêbyok saking kanan | dinubus binêdhilan | sira Radèn Surapati | sarowangira | sayah gènira jurit || |
110.071 | nèng Pagongan atarap sami alênggah | Kumpêni ambêdhili | saking katêbihan | tan wani aparêka | sira Radèn Surapati | pan dhinawuhan | timbalane nrêpati || |
110.072 | Surapati nêdha sampun kalayatan | dinukan ing nrêpati | alon aturira | nuhun gusti sandika | kenginga aso rumiyin | pan dèrèng suda | manahe ikang abdi || |
110.073 | lawan rencang punika wontên kabranan | samyarsa nginum warih | igih tiga wêlas | rencang kang ngambên brana | wong Agandhèk wangsul aglis | prapta ing ngarsa- | nira sri narapati || |
110.074 | wong Agandhèk sigra umatur ing nata | ature Surapati | wus katur sadaya | mèsêm sri naranata | ngandika dhatêng kang rayi | hèh yayi êmas | sayah Si Surapati || |
110.075 | tuwanana payo adhimas dèn egal | mênawa nêniwasi | pangeran dipatya | sandika ngaras pada | tumêdhak saking Sitigil | mring Kamandhungan | panggih lan [[f. 439r]: la...n] wadyanèki || |
110.076 | wadya Kapugêran anèng Kamandhungan | walulas kang Pinilih | binaktèng pangeran | kinèn salin busana | kadya wonge Surapati | muwah pangeran | busananira salin || |
502–503 dari 856